P'el'eT Kembang Setaman Mbah Tarman, sang gadis Sanggup nunggu 10 tahun dipenjara..
Pacitan Post .11.12.025.
Jenenge Urip Ning tanah Jawa , hal hal mistik wis dadi budaya sing ora Isa dibusak / dihapus, kaya kaya wis mendarah daging , yen kesenggol sithik mesti dadi congkrah.
Aji Aji Penglaris ( bakulan ) Ilmu tenung ( mencelakakan ) Ilmu gendam ( menipu/ hipnotis) Ilmu pelet ( penarik hati) terakhir Ilmu Sihir ( kadigdan / keperkasaan ).
Jaman disik nganti teka jaman Saiki ( khusus ) ilmu pelet ijik payu lan diburu para penyihir wong wedok sing ketok ayu lan mlenis mlenis.
Koyo to rumor Mbah Tarman sing diduga duwe Ilmu Pelet ( Kembang Setaman) , mula wingi pas Kapolres Ayub omong , bojone Mbah Tarman sanggup nunggu Mbah Tarman puluhan tahun Ning penjara .
Situasi Pers Conference di Gedung Bhayangkara Pacitan.
Krungu tekad bojone sing ijik terhitung (gadis belia ) sanggup nunggu puluhan tahun diluar penjara , wong wong sing ngrungokne dadi menduga duga, Iki Aji Aji opo sing digawe Mbah Tarman , nganti Cah Wedok cinta mati Karo Mbah Tarman sing umure meh 80 tahun.
Sekedar informasi , ana budaya Jawa enek sekitar 10 ilmu pelet sing diyakini gawe wong wedok klepek klepek , enek ilmu pelet Jaran Goyang , Semar mesem , jala sutra , kembang Ali - Ali , Pangkanang , Mani Gajah lan terakhir ilmu pelet ,, Kembang Setaman,
Jare' wong disik disik , ilmu ( Kinasih ) sing paling istimewa Yo kui Ilmu pelet ,, Kembang Setaman,, konon yen wong wedok / gadis kenek ilmu pelet ,, Kembang Setaman ,, sing okeh okeh katut nganti nancep , bahkan konon nganti Isa edan / linglung.
Beda Karo ilmu pelet Mani Gajah , jarene wong ndisik , wong wedok sing kenek pelet ,, Mani gajah ,, gampang ( kepencute' ) napsune gede banget ( kadang ) masiha lagi kenal cah wedok gampang nyerahne kehormatane' merga saking trisnane' , ananging Yo kui umur percintaane muk sedilit maximal 5 sasi wis buyar.
Ilmu ilmu koyo mengkana iku pancen ijik enek masiha wis jaman Modern , masiha sing percaya kari wong wong sing cupet pikir lan adoh bab Babagan ilmu agama , ananging aja ( kliru ) wong sing memba memba kiai pun kadang gawe ilmu ilmu sing serupa , masiha kadang dibalut agama, mula sing paling aman saka kedosan , ilmu ilmu menyesatkan koyo mengkono kui ora sah dilakoni.
Kaya sing sing diomongke Kapolres wingi , wong wong sing nglakoni kejahatan , salah satu sebab'e kurang pendidikan utamane ilmu agama , pelaku cenderung jalan pintas tanpa pikir panjang .
Sekedar informasi , wingi Polres Pacitan dibawah Komando Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro gelar Pers Relise terkait Babagan kriminal.
Jelang tahun Baru 2026 , Polres Pacitan mengamankan para pelaku sing diduga nyolong sepeda motor , enek sekitar 6 sepeda motor sing diduga hasil kejahatan, pelaku meh Kabeh ketangkep sing Saiki ditahan Polres.
Kejaba saka iku kasus Viral SE Indonesia Mahar cek senilai 3 Milyar sing pelakune Mbah Tarman , wingi uga ditampilke ana ngarepe Kabeh media , Jare Kapolres Ayub Mbah Tarman bakal dijerat pasal 263 KUHP tentang Pemalsuan...( Gustik)