BUMBUNG KOSONG REGA TELUNG MILYAR SIAP TARUNG - PACITANPOST

Rabu, 26 Agustus 2020

BUMBUNG KOSONG REGA TELUNG MILYAR SIAP TARUNG

Pacitan Ppos. 26.08.020.
Pasca berita mudune rekom Partai Demokrat sing ngusung calon bupati Indrata Nur Bayu Aji lan Gagarin sebagai wakil bupati, ngundang kekecewaan sebagian warga Pacitan.
Rata-rata sing kecewa justru pendukung Gagarin sing ana Golkar, PDIP, PKB, lan partai-partai liyane.

Ora mung kui, pendukung Gagarin sing ana wilayah etan, Sudimoro, Lorok, Tulakan lan liya-liyane uga duwe perasaan kecewa berat karo Gagarin, mergo arep-arepane Gagarin didapuk dadi bupati, dudu wakil bupati, "nek mung wakil wae nggo blangkrah apa," jare Topan cah Lorok sing ngidam-idamke pilkada tarung secara fair.

Rasa kuciwa ora mung fans Gagarin, timses-timses bakal calon bupati liyane ya melu ndresula. Sebab apa, sebab kompetisi ning Partai Demokrat terkesan main-main, ora fair lan cenderung ngutamakne dulur.

Merga rasa kuciwa kui numpuk, enek odo-odo calon sing direkom Demokrat lan Golkar bakal disandingke karo bumbung kosong.

Bahkan enek tokoh sing-siap mbandani bumbung kosong, sepira wae entek'e di goleke duit, sing penting bumbung kosong menang.

"Ora masalah bab biaya, sing penting iso menehi pelajaran para elit sing ora nggatekne aspirasi warga," jare Sugiharto timses Ronny Wahyono sing rumangsa mangkel ambek proses mudune rekom.

Ora mung Sugiharto, tokoh-tokoh luar kota sing rumangsa jengkel pun duwe pimikiran pada, "bumbung kosong kudu menang, setidaknya ben isin," jare tokoh Jakarta sing wegah disebut.

"Rencana Minggu ngarep ana rapat gabungan kanggo matengke tim si bumbung kosong," jare bos Subur Mas maeng ning kantore.

"Sopo wae sing duwe semangat menangke bumbung kosong kumpul merapat saperlu pembentukan timses bumbung kosong," tambah tokoh sing tampil sederhana iki.

Sementara, Ketua Partai Demokrat Pacitan sing saiki isih ning Jakarta dihubungi media urung jawab merga HP ne dipateni. (gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda