JEBUL PADA WEDI PILIH AMBYUK - PACITANPOST

Kamis, 27 Agustus 2020

JEBUL PADA WEDI PILIH AMBYUK

Indrata Nur Bayu Aji Dan Gagarin Sumrambah (Foto:Istimewa)
Pacitan Ppos. 27.08.020
Arep arepane wong Pacitan pilihan bupati tahun iki rame ternyata buyar. Masyarakat Pacitan, blas ora ngira nek Gagarin ciut nyaline tanding karo jago Demokrat sing wektu kuwi urung ditentokne jagone.

Kosok baline, DPP Partai Demokrat yo rumangsa jirih ngadepi Gagarin sing wektu iku kabare wis entuk rekom saka PDIP lan PKB.

Mungkin timbang SBY kisinan ning kampunge dewe, akhire pilih potong kompas, Aji lan Gagarin didadekne siji njudak pasangan awal Ronny Wahyono.

Ronny Wahyono, sing wektu iku (15/8) wis kadung teka DPP karo Aji cengkelak bali mulih ngerti nek pasangan dirobah secara mendadak.

Kabare wektu kui, Ronny Wahyono di reh-reh arep diijoli dadi Ketua DPRD Pacitan ganteni Indrata Nur Bayu Aji sing didapuk dadi cabup.

Kocapo dulur, bareng ngerti  kahanan ndadak kaya mengkono kui DPC PDIP, PKB, lan Nasdem kaya-kaya kesamber mbledek nyampar nyandung.

Eko Setyoranu, ketua PDI Perjuangan rumangsa diapusi Gagarin, "piye le ra isin Mas Tik, Gagarin wis tak adepke DPP, rekom wis dicepakne tinggal menehke, la kok mletre koyo ngene ki piye jal, aku isin mas karo Bu Mega," jare Eko karo mbedegel.

Eko tambah pegel, merga wektune wis mepet arep golek jago ora gampang, tapi iki jajal aku tak ngerih-rih mas Ronny kersa po ra tak budalke saka PDIP lan PKB.

Sementara Ronny Wahyono, ngaku urung iso mikir bab arep dipinang PDIP lan PKB, "coba tak mikir sedina rong dina, setidaknya butuh pemikiran sing tenang," jare Ronny kalem kaya biasane.

Dipastekne, pasangan Indrata Nur Bayu Aji saka Partai Demokrat Lan Gagarin Sumrambah saka Partai Golkar, nek tarung ora ana mungsuhe, iso-iso lawan bumbung kosong.

Ananging masiho lawan bumbung kosong, diperkirakke isa uga bakal rame, merga saiki, trend menangke bumbung kosong lagi rame.

Fans Gagarin, Ronny Wahyono, Konstituan PDIP, lan PKB jare akeh sing brontak merga putusane Gararin sing mung trimo dadi wakile Aji.

Sementara pasangan Gagarin sak durunge Isah Ansori, secara pribadi ora pegel, ananging mung isin mbek para Kyai sak Pacitan sing wis ngrestoni Pasangan Gagarin-Isah Ansori.(Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda