RONNY WAHYONO LEGAWA NEK PENDUKUNGE ORA MELU AMBYUK NYANG DEMOKRAT - PACITANPOST

Senin, 31 Agustus 2020

RONNY WAHYONO LEGAWA NEK PENDUKUNGE ORA MELU AMBYUK NYANG DEMOKRAT

Ronny Wahyono disela-sela pembubaran tim relawan di rumah Tamperan View (Foto:Gustik)
Pacitan Ppos 31.08.020.
Kabeh wis da ngerti, nek Ronny Wahyono akhire ora entuk rekom saka Partai Demokrat.

Partai lambang montor Mercy iku, patang dina kepungkur sidane mbudalke Indrata Nur Bayu Aji karo Gagarin saka Partai Golkar, sing di dapuk dadi wabup.

Sedangkan Ronny, sing wis nibo tangi kayo embuh lan ngentekne duit akeh dijanjeni DPP Partai Demokrat bali dadi Ketua DPRD.

Ananging masiha mung dijanjeni dadi Ketua DPRD, Ronny Wahyono tetep bersyukur, sebab jabatan Ketua Dewan iku luwih penting lan strategis ketimbang jabatan Wabup, "sak ora-orane meh pada karo jabatan Bupati," jare Ronny ning omahe wengi iki.

Sementara Sugiharto komandan lapangan tim relawan Ronny Wahyono, tetep ora sreg karo jabatan Ketua DPRD, sebab tujuan utamane yo kui mung ndadekne Ronny dadi Bupati, "setidaknya Pacitan iku ben ana perubahan lumrah kaya kabupaten liyane," jare Sugik.

Ir. Suyatno MM, ning acara pembubaran tim relawan sing digelar ning omahe Ronny bengi iki, isane mung njaluk ngapura karo anggota relawan sing cacahe 800 uwong, nek enek kesalahan tindak tanduk lan slarang-slurupe ngomong antar anggota tim ayo pada dingapura kabeh.

Mung Suyatno meling menyang Pak Ronny, jabatan ketua DPRD sing dijanjeni DPP nek tenan, kudu dikawal terus, sebab ning politik iku begal membegal jabatan wis kadung umum, mulo Pak Ronny kudu waspada.

Soal sak bare tim relawan bubar, mantan Kadisbun iku mbebaske anggotane arep mlayu nyang endi wae monggo abang, ijo, kuning, putih monggo hak masing-masing.

Ronny sing lungguh ning sampinge Sugiharto, ikhlas nek pendukunge ora melu gerbong Demokrat, Ronny menyadari anggota tim'e saka komunitas campur-campur. (Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda