RUMANGSA DIAPUSI...? SIMPATISAN LAN BACABUP GEMBRUDUK MLEBU KANDANG BANTENG - PACITANPOST

Sabtu, 29 Agustus 2020

RUMANGSA DIAPUSI...? SIMPATISAN LAN BACABUP GEMBRUDUK MLEBU KANDANG BANTENG

Pacitan Ppos .29.08.020.
Mungkin rumangsa kapusan pa kepiye, bacabup sing ora entuk rekom sama Partai Demokrat iki dina gembruduk pindah menyang PDI Perjuangan.

Diawali Yudhi Sumbogo, sing pindah Kandang Banteng dek bengi, Minggu ngarep sesuk bakal ana tambahan sekitar 200 simpatisan Demokrat sing arep pindah menyang PDI Perjuangan.

Pindahe simpatisan Partai Demokrat, arep langsung dipimpin Sugiharto, The Big Bos Tunas Subur, sing rencanane deklarasine Minggu ngarep.

Ora mung kui, Profesor Sudijono kabare yo bakal melu jejake Yudhi Sumbogo pindah menyang Partai Kebo Moncong putih.

Kabare, Profesor saka Lorok sing termasuk calon kuat Demokrat iku tersinggung berat  anane proses mudune rekom sing dinilai ora transparan. Ethok-ethok buka pendaftaran, ning calone wis enek disik.

Keluhan carut-marute mudune rekom, uga dirasakne pendukung Tim Ronny Wahyono.
Sugiharto Ketua Tim 9 RW menilai, Partai Demokrat Pacitan kaya-kaya mung numpang iklan sosialisasi partai lewat pola pendaftaran cabup.

Yo maklumlah partai besutan SBY,  iki dina kan lagi ajur-mumur merga akeh ditinggalke pengurus lan pendukunge, "pejret duit rong karung muspro," ale Sugik ngedumel.

Saking dendame Sugik, Minggu ngarep bakal ana kegiatan bedol desa dengan tema "Gembruduk mlebu bareng kandang banteng INDONESIA SELALU MERAH Brow."

Sementara, Ronny Wahyono wingi njaluk pendukunge sabar lan tawakal, "ojo kesusu pindah dipikir kanti adem, toh masiho ora dadi wabup kan Aku justru dadi Ketua Dewan sing drajate luwih duwur," bujuk Ronny karo mesam-mesem.

Bakal gembrudukke simpatisan Demokrat menyang PDIP disambut seneng karo Ketua PDIP Eko Setyo Ranu, "Alhamdulillah matur nuwun sanget para sederek simpatisan Demokrat, Sugeng rawuh wonten Kandang Banteng, kulo rumaos mrinding githok kulo, nyuwun sewu kandangipun kados makaten," seloroh Eko.

Apresiasi ugo disampekne karo dedengkot Projo Jhon Vera, "mugo-mugo konco-koncoku kabeh krasan numpak banteng, Insya Allah banteng moncong putih jinak tapi perkasa dalam membangun negri, monggo mas Sugik kita merah aken Pacitan semua, jangan takut merah sedang berkuasa," jare Jhon guyon maton (Gustik)

Bagikan artikel ini

1 komentar