STRATEGI JITU GOLKAR KUASAI PACITAN - PACITANPOST

Senin, 24 Agustus 2020

STRATEGI JITU GOLKAR KUASAI PACITAN

Gagarin Sumrambah (Foto:Istimewa)
Pacitan. Ppos 25.08.020.
Kabeh pada mlongo, Gagarin akhire milih posisi Calon Wakil Bupati tinimbang Calon Bupati ana Pilkada Pacitan tanggal 9 Desember 2020.

Padahal nek Gagarin gelem mikir dawa, umpama tarung lawan Indrata Nur Bayu Aji diperkirakne menang Gagarin.

Tapi mbuh critane, kok pindah haluan secara mendadak gelem dadi wakile Aji. Kabar sing ditampa media, Dewan saka tlatah Ngadirojo iku dipeksa DPP Golkar kudu gelem dampingi ponakan deles SBY Indrata Nur Bayu Aji.

Malah enek kabar, umpama Gagarin nolak perintah DPP Golkar, bakal kenek sanksi ya kui SK sebagai Ketua Partai Golkar arep ditarik maneh.

Para pengamat iki dina rame bahas sikap mencla-menclene Gagarin. Enek sing  komentar, Gagarin mestine menghormati PDIP lan PKB.

Pasale, PKB wis kadung ngumpulke Kiai (Halaqah) ngrekom Isah Ansori dadi wakile Gagarin, "lantaran sikap Gagarin wis wani nglecehne Kiai, tentu Kiai yo kudu duwe sikap," terang Kiai sing ora gelem disebut jenenge.

Pating sliwer komene wong akeh cen kudu diwadahi kanti tatag Gagarin, merga tindakane Dewan gede duwur iku salah berat, "Isah Ansori iku piyantun sepuh ning ya aja digawe dolanan ngono to," ucap Saptono.

Tapi sikap Gagarin ya ana sing maklumi, "sebab Gagarin mung ngemban tugas Partai, nek nolak cilaka dewe," jare Yuli saat ditemoni ning warung soto. (Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda