BOLA BALI KESAMPLUK OMBAK ORA KAPOK KAPOK. - PACITANPOST

Rabu, 16 September 2020

BOLA BALI KESAMPLUK OMBAK ORA KAPOK KAPOK.

jenazah pemancing sing kesampluk ombak siji wis ditemokne.

Pacitan Ppos.17.09.020.
Kecelakaan kecemplung laut merga kesampluk ombak, ternyata ora ndadekne sikap ati ati ne wong kang seneng mancing ning segara.

Buktine wingi ana watu karung, bocah telu kecemplung laut merga kesampluk ombak pas mancing ning perengan segara, padahal urung suwe ning sudimoro yo enek kedadean sing pada, korbane yo wong mancing ning perengan alas segara, wektu kui malah sak kluarga sing seda.

Terkait kecelakaan ning watu karung, korban sing wis ditemokne Ahmad Fauzan (40)  dusun Pakis  desa Punung , tenaga kesehatan puskesmas Candi kui ditemokne masyarakat ning sekitar Pantai Srau Pringkuku.

Sedang Wawan, nganti seprene urung ketemu isih digoleki Tim SAR Pacitan, Alhamdulillah mas! Korban sing jenenge widodo Slamet saka kecelakaan, merga sempat  gocek'an watu nyringih, jare slamet warga Desa Bomo asal widodo.

Gandeng bola bali kecelakaan laut sing gawa korban utamane para pemancing, Kapolres Pacitan AKBP Didik Harianto nuturi utamane marang Pemancing Mania kudu ati ati, ojo dumeh kendel mlembang ning perengan /tebing, jare Kapolres sing akrab karo masyarakat ( gustik).


  

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda