DIBALIK SIKAP SENDIKA DAWUH GAGARIN - PACITANPOST

Senin, 07 September 2020

DIBALIK SIKAP SENDIKA DAWUH GAGARIN


Pacitan Ppos. 07.09.020.
Pirang-pirang tahun Gagarin ancang-ancang pingin dadi Bupati Pacitan. Persiapan demi persiapan dirancang kanti apik, mening lan terukur.

Pokoke wektu kui, Ibarat wong arep golek pangkat lan drajat, awan bengi esuk sore njajah desa milang kori dilakoni Gagarin.

Kendaraan politik, pendukung lan tim sukses wis cumepak kabeh, kari ngenteni aba-aba  budal.

Intine sebagian besar masyarakat Pacitan, utamane saka wilayah etan, Tulakan, Ngadirojo, Sudimoro, lan Bonagung kaya-kaya ora sabar nunggu Gagarin entuk rekom.

Ananging kocapo, tepat tanggal 28 Agustus kabeh dadi mak klempuuus, bareng ngerti Gagarin entuk rekom, (ning) mung dadi cawabupe Indrata Nur Bayu Aji saka Partai Demokrat.

Ibarat kaya wong kesamber mbledek, bingung, campur emosi pendukung setia Gagarin mencak-mencak ora karu-karuan.

Ana media sosial, Gagarin dibuly macem-macem, sing diarani banci, sing ora duwe pendirian, sing diarani ora duwe duit lan liya-liyane.

Mungkin mbuh saking bengeng nge kuping, awan maeng (7/9) ana DPD Partai Golkar
Jl. Cokro dienekne Pers Realis 12 media.

Intine Gagarin njaluk ngapuro karo pendukunge kabeh ana Pacitan, urung isa nyembadani  nyalonke dadi bupati, merga keadaan sing ora isa ditolak.

Menurut Lacur Susanto sekretaris DPD Partai Golkar, Pak Gagarin sebagai kader Golkar kudu patuh opo printahe DPP Partai Golkar, "nah merga Ketum DPP merekom pak Gagarin namung sebagai wabup mendampingi Mas Aji, nggih kedah bidal," jare Lancur.

Lancur menyadari keputusan DPP bakal ndadekne geger lan kecewa warga masyarakat, utamane para Alim, para Kyai, para Santri, temen-temen PKB, PDIP lan sanes-sanesipun.

Mewakili Pak Gagarin sing dina iki tes kesehatan ana Surabaya, Lancur mengklarifikasi yen Pak Gagarin ora nglecehke para Kyai, para Alim lan Santri, ananging saestu-saestu mergi keadaan, inggih puniko dipun printahaken partai, kedah purun ndampingi Mas Indrata Nur Bayu Aji sebagai cawabup Pacitan.

"Nek ndelok gesture Pak Gagarin Mas Tik, atine Pak Gagarin dewe yo brontak, tapi yo wis piye maneh gandeng tugas partai kudu dilaksanak ake," jare tokoh Golkar sing ora gelem disebut jenenge.

Gagarin sing dino iki ning Surabaya karo kabeh calon bupati/wakil bupati di coba dihubungi ora iso, HP ne dipateni ( Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda