DIRAMAL GEJAG, BOTOH MULAI KLUYURAN - PACITANPOST

Jumat, 11 September 2020

DIRAMAL GEJAG, BOTOH MULAI KLUYURAN

Ning warung-warung pilkada rame di jagong (foto:gustik)
Pacitan Ppos 11.09.020.
Coblosan urung digelar, kasak-kusuk botoh wis ting sliwer, mlaku mrono mlaku mrene sing dijagong mung kekuatan jago.

Jenenge wong akeh, enek sing njago Jigar yo enek sing njago Mbois. Jigar dinilai ijik mambu patron SBY, sementara Mbois dinilai kumpulane wong loro ati.

Mbuh! wis garis'e po kudu ngono, pilkada Pacitan sing diramal adem ayem faktane justru kebalik, Mbois sing awale disepelekne, diluar dugaan justru kebanjiran dukungan.

Ning warung-warung, ning terminal, ning medsos-medsos per sasat sing dijagong mung seputar pilkada Pacitan.

Mungkin akibat saka umyek'e pilbup, iki dina pasar taruhan wis mulai rame, sing seneng judi
wis pada kluyuran nguping kono nguping kene golek info.

Ora tertutup kemungkinan, nek persaingan antar jago dianggep gejag/imbang, botoh-botoh gede iso ugo mlebu Pacitan.

Padahal nek nganti botoh-botoh gede mlebu pacitan, tukon biting iso-iso mendominir ana percaturan pilkada Pacitan, sopo sing kuat duite botoh, isa uga yo kuwi sing menang.

Nek wis ngono kui, tugas Bawaslu lan Kepolisian kudu ketat, ojo nganti pilkada Pacitan menang kalahe jago mung saka transaksi biting.

Menurut Gus Amak, transaksi biting cen wis lumrah, tapi khusus pilkada Pacitan nek iso kudu di cegah sebab apa, kemenangane jago ora sesuai hati nurani. "Nek mung menang merga biting nggo blangkrah apa," jare Kyai gondrong saka termas.

Sementara Ketua Bawaslu Pacitan Berty Stevanus, nganti berita iki ditulis ora iso dihubungi merga hp ne dipateni (gustik)

Bagikan artikel ini

1 komentar

  1. Cari pemimpin yg berkesinambungan atau yg berkelanjutan seperti pada organisasi Ketua biasanya di ganti oleh sekjen , Bupati di ganti oleh wakil Bupati karena selama jabat sebagai orang nomor dua pasti sudah banyak yg dia ketahui ttg kebutuhan organisasi jadi tidak perlu nunggu 100 hari kerja baru nampak kinerjanya....

    BalasHapus