DUKUN -DUKUN- MULAI NGGLIBET PASLON LEWAT PLEPET PLEPET. - PACITANPOST

Kamis, 24 September 2020

DUKUN -DUKUN- MULAI NGGLIBET PASLON LEWAT PLEPET PLEPET.



Pacitan Ppos 24.09.020.
Dukun-Paranormal , iki dina mulai ngglibet  golek mangsa Calon Bupati lan Wakil Bupati Pacitan sing arep tanding ana Pilkada 9 Desember 2020.

Kaya sing uwis uwis, tekane dukun biasane digawa wong  sing Cedak karo Calon / plepet , embuh ale nggedupuk piye biasane Calon Bupati katut nuruti perantara dukun.

 Calon Bupati,  nek nganti kepencut omongane  dukun alesane macem macem.
1.
Calon bupati /wakil bupati  saben dinane pancen cenderung seneng klenik.
2.
Calon bupati/wakil bupati sejatine mung sekedar basa basi ben jo nyinggung perasaane dukun utawa plepet merga bupati lagi butuh suara lan kekompakan.

Paranormal /dukun jopa japune kadang lucu lucu..misal e.katagori
Dukun Sembrono..!
Saben saben arep kegiatan ning njobo  calon bupati  wajib  muni... celeng ...celeng...ayo nyundang ...wis wayahe..wis wayahe....

Enek neh!
Calon Bupati / Wakil dieret eret  ning nggon wingit wingit, nek ra ning sentono gentong,gunung limo,kanjeng jimat yo ana daerah slahung Ponorogo lan Bantul jogyajarta.
Sing lucu nek calon ora sempat mrono mergo akeh kegiatan , isa diwakilke dukune/ Plepet'e..sing penting sangune..

Dukun membo Kiai.!
Calon Bupati/wakil Bupati saben wengi kon ngebleng ning njero kamar wirit sak jebole nganti pucet cet koyo mayit..
Akhire  !...Esuk, Awan, Sore  ora iso kegiatan golek biting... merga ngantuk kekeseken kakean wirit.

Dukun  konyol !
Pilihan urung dimulai, mbuh  wedi hasile mbepok.. sang dukun wis ngode njaluk duit..ethok ethok rodo kesurupan...nek biru biru kabeh, nek abang abang kabeh (masud'e nek bayar kudu akeh nek ra eketan yo atusan kabeh) .

Dukun kliru mantra.!
Dasar mung dukun blajaran utowo dukun tiban  jopa japu sing diunek' ke menyang calon ora gathuk, utawa kliru ..misale.
Mlembung sak gunung,kempes sak biting,sudo parungon,bali bali...nyang omahmu ,netro kang demapet...
Mantra kui sejatine mantra kanggo TENUNG ! dudu mantra nglerokne pilihan..

Enek eneh sing luwih konyol.
Tigo langgeng banjir bandang kali mati, sumber pepet pet dipet..sakinf kersane gusti Allah..
Kui mantra ' yo dudu nggo nglerokne wong milih TAPI sejatine mantra kanggo wong kebacuk utawa kenek gaman.

Dukun elu elu.!
Sering banget nek arep pilihan Calon kon adus banyu kembang,kon adus sumur pitu,kon ngombe banyu mentah lan sak pinunggalane.
Lan biasane yo ora tanggung tanggung, ritual iku ditampilke secara terbuka ben dukune ketok tampil, biasane pas momen momen arep pendaftaran dsb.
PADAHAL SAKBENERE..!
Iku ritual kanggo wong lagi bebrayan,utowo wong sing lagi kejibah pangkat..dudu wong sing lagi arep nyalon..

Nah Terkait !  dukun mendukun ana pilkada Pacitan saiki , saka pantauan media mbuh kui Kubu Jigar utawa kubu Mbois,SAIKI sing jenenge CALO dukun lewat membo membo PLEPET saiki wis pating blulung..ale arep ngenggonke awak.

Iki Kabeh nek Cabub/Cawabub ora ngati ati, sejene bergelimang kesyirikan uga bakal ,, ternina bobok''kan dukun,akhire malah lali karo hal hal sing penting lan sing luwih realistis ( Ditulis oleh mantan asisten dukun kondang surabaya selama 9 tahun antara tahun 1980-1989 yang sudah tobat karena itu perbuatan bodoh dan penuh kesyirikan)












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda