GAGARIN KEWALAHAN NEKANI UNDANGAN WARGA. - PACITANPOST

Selasa, 22 September 2020

GAGARIN KEWALAHAN NEKANI UNDANGAN WARGA.

Gagarin dijak warga bersih desa wilayah Arjosari.

Pacitan Ppos 22.09.020.
Saking pingin kenal karo Gagarin calon Bupati/wabup Pacitan sing kondang kalaka, wingi (19/09) warga desa Mlati Arjosari ngenek'ke acara Bersih desa Bareng Gagarin .

Acara dipandu anggota DPRD Pacitan Sri Widowati, ditekani kades sak perangkate ditambah warga desa Mlati lan sak sekitare, enom tuwek kabeh melu.

Menurut Sri Widowati, acara kerja bakti iki murni odo odone warga sing pingin weruh pak Gagarin saka cedak lansung, alhamdulillah pak Gagarin kersa tindak ditengah kesibukan nipun ingkang padet, jare anggota Dewan telung periode iki.

Acara dimulai sarapan bareng bareng, kanti pasugatan sederhana, sega berkat lawuh  tempe lan panganan  sak enek'e.

Gagarin ana kesempatan esuk kui, nyuwun doa karo masyarakat desa Mlati Arjosari sak sekitare, mugo mugo niat pencalonane pasangan Indrata Nur Bayu Aji -  Gagarin sebagai Bupati/Wakil Bupati ka ijabah marang Gusti Allah Swt, lan isa gawa Pacitan dadi kota sing ora ketinggalan jaman. 

Sak durunge pamitan, Gagarin dongak'ake marang penduduk desa Mlati sak sekitare mugo mugo dadi desa kang makmur sumrambah rejeki , drajat lan pangkate,,  kolo dongak'aken panjenengan sedanten sami  sehat , panjang umur lan katah rejeki, jare Gagarin sing dina kui tampil bak aktor laga, nganggo clono jien dipadu kaos putih gede duwur koyo aktor lawas  Barry Prima .

Sementara entuk kabar saka Tim Jigar, pasangan Aji-Gagarin iki dina kewalahan nuruti penjaluk'e warga sing pingin ditekani Gagarin,Jare Staff DPD Partai Golkar Sedyo Widodo iki dina mas tik, wis ngantri 120 tempat sing pingin dirawuhi pak Gagarin (Tim)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda