KADIS ANGEL DITEMONI, BUPATI NGELU..! - PACITANPOST

Senin, 28 September 2020

KADIS ANGEL DITEMONI, BUPATI NGELU..!

kuli pulpen demo ning pendopo pemkab Pacitan (dok Cindy).

Pacitan Ppos.29.09.020.
Gara gara akeh Kepala Dinas Pacitan angel ditemoni kuli pulpen ( wartawan), akhire ndadek'ne ngelune Bupati , Bupati ngelu merga wartawan pirang pirang dina mberung nuntut Plt Kepala Dinas Kesehatan lan kepala kominfo Pacitan mundur.

Fenomena wartawan nuntut mundur kepala Dinas iku sakjane ora etis mungguhing tatanan Pers , sebab tugase wartawan sejatine mung nulis, ananging mungkin wingi kuli pulpen wis kadung judeg merga akeh kepala dinas Pemkab Pacitan sing angel ditemoni.

Menurut Gong Gali Gong, kepala dinas nek ditemoni kuli  pulpen mesti akeh akeh'e pada playon / ndelik , mangkane konco konco  iki pada judeg Gus, sebab Kadis sing model ngono iku termasuk katagori penyumbat informasi lan ngrampok sandang pangane wartawan, sebab pangane wartawan mung saka tulisan.
  Mulo aksi iki  jare Gong Gali Gong,  nggo pelajaran karo kepala dinas liyane ben ojo mloya mlayu nek ditemoni wartawan.

Demo wingi , mungkin wis kadung dadi apese Plt Kepala Dinas Kesehatan  Pacitan dr Hendra Purwaka , urung suwe dadi Plt ning Dinas Kesehatan Pacitan / ibarat wong lagi arep macak kerja, iki dina wis dituntut mundur sing alesane angel ditemoni kuli Pulpen.

Dokter sing wis malang melintang dadi pejabat Pacitan , dituntut mundur langsung muni Alhamdulillah aku tak bali ning BKKBN wae , sebab ngurusi Covid pancen angel lan rumit pejabat sing dadi kadis Kesehatan kudu konsen ning tugase, lha nek aku kan mung PLT mas tik, ora masalah dikon muduk..
Sementara Bupati Pacitan Indartato ambek klesotan ning mester pendopo, ora arep ngabulke penjalukke wartawan bab pencopotan Rahmat Dwiyanto Kepala Dinas Kominfo Pacitan merga aturan.

Menurut Indartato !  bupati sing tugase kari 6 sasi lan Bupati anyar sing lagi 6 sasi njabat ora entuk mindah Kepala Dinas utowo mecat, sebab aturane saka Depdagri ngono, ananging nek mung PLT engko  ben diproses pak sekda , jare bupati sing terkenal santun iki.

Aksi demo wartawan nuntut  mundur kepala dinas saka jabatane, mugo mugo iki sing terakhir, sebab nek ora !  isa dadi  preseden buruk kanggone jurnalis dewe, sebab isa wae suk suk ditunggangi pejabat liyo sing pingin lungguh kursi, mulo kudu ngati ati, jare wartawan senior sing ora gelem disebut (tim).




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda