NASDEM AKHIRE TUNDUK KARO JIGAR - PACITANPOST

Selasa, 01 September 2020

NASDEM AKHIRE TUNDUK KARO JIGAR

Pacitan Ppos.01.09.020.
Mungkin wedi ketinggalan sepur, akhire Nasdem Pacitan melu 9 partai mendukung cabup/cawabup Aji-Gagarin (JIGAR).

Kepastian Nasdem melu (Jigar) amarga wingi Gagarin wis nampa Surat Rekomendasi saka DPP Nasdem ning Jakarta.

Menurut Eko Hadi Susilo pengurus DPC Nasdem Pacitan, sah Pak Gagarin entuk rekom saka DPP, mulo iku kabeh keluarga besar Nasdem Pacitan wajib menangke pasangan Jigar ana pilkada Pacitan tanggal 9 Desember 2020.

Mlayune Nasdem menyang Koalisi Partai Demokrat-Golkar praktis saiki kari PDIP lan PKB sing urung kepleh.

Partai banteng cangkem putih karo PKB iku, isih konsekwen golek jago sing apik kanggo numbangke Jigar.

"PDIP ora gigrik dikhianati Gagarin, bareng-bareng para Kyai (PKB) tetep solid ngusung calon istimewa demi Pacitan lebih baik," jare Eko Setyoranu.

Wahyu Puji, anggota DPRD saka PKB uga rumangsa ora pengaruh, masiho Nasdem cengkelak mlayu saka koalisi PDIP PKB. Sesuai persyaratan pilkada, PDIP lan PKB wis cukup nggo ngusung calon Kepala Daerah.

Sementara pengamat politik Dr. Drs. Ashar Subandhi MSc rumongsa prihatin karo kondisi perpolitikan ning Pacitan sing ora lepas saka patron dinasty.

Jare dedengkot Politik asal Semarang iku, iklim dinasty sing diperagakan SBY ning Pacitan ketok mencolok banget, mulai saka Ibas, Sartono Hutomo, Aji lan Sujono (Bapake Aji) kabeh entuk jabatan, tapi monggolah alam sing nyeleksi.

Ananging kosok baline mbegote Nasdem menyang Jigar, dianggep wajar karo sebagian netizen, "merga politik iku duwe hak lan pilihan jago sing dianggep apik," jare Iwan wong Pacitan sing saiki omah ning Tanjung Pinang.

Nganti berita iki ditulis, pengurus teras Nasdem Pacitan kabeh ora kenek dihubungi. Hariawan sing biasane cuap-cuap, ditelpon ora kenek Hp ne dipateni (Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda