Nunjang Palang golek Pendukung Jigar - Mbois adu Program. - PACITANPOST

Kamis, 17 September 2020

Nunjang Palang golek Pendukung Jigar - Mbois adu Program.


Pacitan Ppos.17.09.020.
Wektu kari rong sasi, pancen ngrepotne cabup sing bakal tanding ana palagan Pilkada tahun 2020. Sak ora orane wektu sing kari setitik iku ora bakal maximal kanggone wong golek biting.

Ananging kepiye maneh, masiho wektu kari sitik sak oleh olehe biting Jigar - Mbois iki dino ngebut jajah desa milang kori, ngrayu warga ben pada milih jagone dewe dewe.

Nyawiji Sumrambah iki dino ngubek daerah Bandar, Nawangan, Josari lan Punung.
Gagarin ngomong nek Nyawiji dadi Pemimpin, ora bakal lali karo rakyate, insya Allah rakyat Pacitan tambah sejahtera Maju lan berkembang.

Gerak tim Jigar terkesan senyap, tapi sing teko ana pertemuan ketok ngremboko lan regeng ,tim ses Jigar utamane saka Golkar mungkin  wis kadung kulino carane nekakne massa, dadi terkesan luwih siap lan terkordinir.

Gagarin pesen ojo mingar minger, ojo katut wong kang tukang gawe isu isu sing rabener, marwah lan drajate pak SBY kudu dijaga,massa pemilih Jigar kudu santun lan ngregani jerih payah Pak SBY sing wis gawe Pacitan mlebu ana Sejarah Negara Indonesia.

Sementara tim Mbois esuk nganti awan kegiatan menyang Punung, ketemu kordes kordes sing nate dibentuk, Saka pantauan Media  kegiatan mbois ora pati akeh kegiatan sing nglibatke warga, bab kui kudu dimaklumi merga mbois masane masa protolan saka massa sing kecewa rekom Demokrat,singkat cerita mbois lagi grayak grayak ngumpulke balung pedot.

Warga sing teko ana pertemuan  Mbois kondo, aku sak jane milih Pak Ronny nanging gandeng Pak Ronny mboten angsal rekom kulo milih Mbois, ning anak kulo milih pak Aji , jare simpatisan RW sing ragelem disebut jenenge (Tim,)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda