PABRIK TRIPLEK GEGERAN ORA KOBONG - PACITANPOST

Rabu, 09 September 2020

PABRIK TRIPLEK GEGERAN ORA KOBONG

Pacitan Ppos 10.09.020.
Opo-opo senengane kesusu, pingin update akhire salah kedaden, maklum kabeh wong nduwe hp opo-opo mak clurut.

Koyo to informasi kobongan mambengi, sing kobong bak unthuk grajen dikira pabrike sing kobong.

Pancen pembuangan serbuk grajen lokasine ana sisih mburi pabrik, mungkin gandeng genine molat-molat ning foto kaya-kaya pabrik sing kobong, maklum wong okeh saben tangan nggowo hp.

Sugiharto ngluruske, serbuk grajen sing ana tungku mburi pabrik kemungkinan wis ungkep sak durunge merga kepanasan sak awan deg, mbuh piye critane ujug-ujug jeblug langsung mbakar serbuk kayu.

Pancen nek ora gek disiram bayu, iso ugo mrembet teko njero pabrik, Alhamdulillah geni langsung iso dipateni.

Mungkin gandeng panik, kabeh uwong telpon nyang pemadam kebakaran, alhasil genine wis kadung mati.

Sementara Hari Wahyono, ditakoni media ora maido lan ora nyalahke informasi sing ora bener bab kobongan pabrik, "maklum mas kabeh uwong duwe hp," jare Hari guya-guyu.

Hari nambahi, pabrik tetep operasional secara normal, sing keganggu mung ora iso motong karo ngamplas mergo crobonge rusak, paling mung butuh wektu sedina wis kelar.

Piyantun sederhana saka tlatah tulakan iku, uga ucapke matur nuwun  kagem Pak Yudhi Sumbogo sing nyempatke mampir ning pabrik.

Yudhi Sumbogo mampir ning pabrik, ngepasi lewat saka Suroboyo, ana rame-rame mudun, jebul ana kobongan tumpukan grajen/serbuk kayu (gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda