PDIP MENANG SAK SETRIP GOLKAR MENANG SAK SETRIP DEMOKRAT KALAH SAK SETRIP - PACITANPOST

Jumat, 04 September 2020

PDIP MENANG SAK SETRIP GOLKAR MENANG SAK SETRIP DEMOKRAT KALAH SAK SETRIP

Pacitan Ppos.05.09.020.
Pilkada Pacitan tahun 2020, akeh pelajaran sing isa dipetik mungguhing wong sing seneng politik.

Ananging kanggo wong sing ora seneng politik, utawa sing cuek bab babagan politik, mungkin pilkada Pacitan tahun iki dianggep ora rame utawa dianggep wis bar, tinggal pelantikan.

Merga opo, merga calon sing dianggep kuat saka Partai Demokrat lan Golkar saiki ngumpul dadi siji sebagai cabup/cawabup.

Pancen ne didelok penilaian ning nduwur meja, koyo-koyo 100% bener, sak ora-orane
Aji-Gagarin bakal menang minimal 80%, kaya sing di omong Aji ning latar KPUD Pacitan wingi.

Mungkin target 80% menang sing di omongke Aji, kanggone sebagian warga masyarakat isa dianggep terlalu sombong/seolah Gusti Allah ora enek.

Ananging nek ndelok fakta lapangan, Pupularitas sing diduweni Aji-Gagarin (Jigar) wis ora isa diragukan, sesuai survey pancen tokoh loro kuwi duwur tenan ngalahke calon-calon liyane.

Ditambah maneh, logistik lan dukungan riil sing diduweni masing-masing cabup/cawabup
(JIGAR) iso diarani turah banda turah dukungan.

Sepisan maneh, kuwi nek dinilai saka fakta lapangan, setidak-tidaknya penilaian publik nganti dina iki.

Tapi mungkin, nek dijupuk saka penilaian strategi politik, justru Partai Golkar lan PDIP sing menang, setidak-tidaknya kanggo jangka panjang.

*Ilustrasi penilaian isa dijupuk fakta sbb*
*1. Partai Demokrat*
Diakoni opo ora, ana Pilkada tahun iki Partai Demokrat kelangan kader terbaiknya Yudhi Sumbogo sing patang dina kepungkur dicaplok loko-loko PDI Perjuangan.

Pencaplokan Yudhi Sumbogo, sing dina iki isih dadi Wakil Bupati Pacitan secara politik kemenangan PDIP, setidaknya kanggo jangka panjang.

Sebab opo, sebab secara konstitusional/langsung atau tidak langsung, pemkab Pacitan dino iki wis malih dipimpin wong Demokrat lan PDI Perjuangan, sekalipun mung kari 6 bulan.

*2. Partai Golkar*
Mbuh krasa opo ora, Partai Demokrat ana pilkada Pacitan tahun 2020 seolah kaya di pekso Golkar kudu berbagi kekuasaan. Lewat tokoh monumentalnya, Gagarin Sumrambah sing didapuk dadi cawabup.

Mbuh piye critane, sing biasane biru gandeng biru, iki dina kepleh biru gandeng kuning.
Mungkin pertimbangane, timbang kalah SBY isin, mending ngalah separo luwih aman.

Tentu wae kanggo strategi jangka pendek/panjang manufer Golkar dianggep jitu pol, sebab secara konstitutional pemkab Pacitan tahun 2021-2024 bakal dipimpin tokoh Demokrat - Partai Golkar, kuwi nek menang.

*3. PDI Perjuangan*
Ora enek angin, ora enek udan, ora enek tatit ora enek bledek, dina iki Partai Banteng Cangkem Putih iku seolah entuk rejeki nomplok. Sopo ngiro ujuk-juk Pemkab Pacitan dipimpin PDIP masiho mung wabup.

Sekalipun Yudhi Sumbogo sampai dina iki ijik diremehke uwong, iso-iso situasine malah kebalik, dengan catatan Yudhi Sumbogo disuport total saka pemerintah pusat, mbuh kuwi arupo program utawa ubo rampe liyo liyane.

Singkat kara, kuwi kabeh serba mungkin, merga Yudhi Sumbogo saiki resmi mlebu area Kekuasaan Pusat dibawah PDI Perjuangan sing duwe Presiden Indonesia saiki.

Dadi Prinsip situasi Pilkada Pacitan tahun 2020, nek ditarik saka strategi politik. Politik Golkar menang sak setrip. PDIP menang sak setrip tapi Partai Demokrat kalah sak setrip.

Himbauan sing iso dipetik, kabeh Cabup/Cawabup, nek isi ojo terlalu PeDe nemen-nemen, sebab ginarising jabatan wong urip kui sing nyekel sing kuasa, kabeh ora ngerti wolak-walike jaman, sebab menungsa mung sak dremo nglakoni.

(Ditulis oleh Gustik, mantan Ketua DPD PAN Pacitan tahun 1999-2004.Mantan Ketua DPC Hanura tahun 2004-2014. Anggota Bapilu Hanura Jatim 2016-Sekarang dan Owner Pacitan Post Group)

Bagikan artikel ini

1 komentar

  1. Harusnya di buat janji kalau tidak Bisa 80% apa sanksi nya ? Atau malah jadi kalah karena terlalu pede , seperti pertandingan bola antara Liverpool lawan Arsenal di atas kertas Liverpool dapat dgn mudah melibas Arsenal tapi apa yg terjadi Arsenal menang adu pinalti...karena bola masih bundar bukan kotak... hehehe

    BalasHapus