PRESIDEN JOKOWI MBOTEN TAMTU TINDAK PACITAN..? - PACITANPOST

Rabu, 30 September 2020

PRESIDEN JOKOWI MBOTEN TAMTU TINDAK PACITAN..?

Pacitan Ppos 30.09.020.
Minggu minggu kepengker, Presiden Joko Widodo dipun wartosaken bade tindak Pacitan saperlu ngresmek'aken Rusunawa Pondok Termas ugi Pondok Kikil wonten ing Tlatah Termas ugi Jatimalang Arjosari Pacitan

Ananging ngantos  sepriki , Pemkab Pacitan dereng pikantuk kabar malih ingkang pasti , bilih Presiden Republik Indonesia ke 7 menika bade tindak Pacitan.

Rumiyen ingkang ngasto kabar bilih pak Jokowi bade tindak Pacitan meniko  pak wakil Bupati , inggih punika Bapak Yudi Sumbogo, mangga kulo aturi nyuwun pirsa pak Wabub , ngendikanipun pak indartato dumateng media.

Wakil Bupati Pacitan Yudi Sumbogo, dateng Media taksih rumaos optimis bilih pak Jokowi tetep tindak Pacitan, kulo optimis mas tik ' pak Presiden tamtu mriki , ning gandeng Presiden meniko katah kesibukan nggih duko.

Paslon nomer 2 ingkang terkenal gadah jargon Mbois meniko , ugi mbatah dumateng  tiyang tiyang  bilih kabar tindak  ipun Presiden Jokowi dateng Pacitan namung kangge dongkrak popularitasipun mergi nyalon Bupati Pacitan, mboten mas ' saestu konco konco tim PDIP solo mengagendakan pak Jokowi tindak Pacitan, Cobi mbenjing kulo tegesaken malih , ngendikanipun Yudi kalian mesam mesem.

Sementara warga Pacitan sanesipun, rumaos mboten sreg Presiden Jokowi kangge  dongkrak popularitas Cabub  Pacitan , Presiden niku lambang Negara ampun ngaten lah .(gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda