TERNYATA MASSA GAGARIN BLAS ORA OWAH TETEP PANGGAH NGREMBOKO. - PACITANPOST

Kamis, 17 September 2020

TERNYATA MASSA GAGARIN BLAS ORA OWAH TETEP PANGGAH NGREMBOKO.

Pendukung Gagarin di Nawangan -Bandar tambah ngremboko.
 
Pacitan Ppos.18.09.020.
Apa sing dikawatirke pendukung gagarin pindah pilihan ternyata salah berat, pendukung Gagarin iki dina malah justru ngremboko lan sepakat secara bulat tetap mendukung pasangan Aji-Gagarin dadi bupati Pacitan periode  2021-2024.

Terbukti sakjrone Gagarin mudun ana desa desa,warga masarakat tetep antusias teko ana acara sing digelar tim Gagarin, koyo to acara ana Desa Mujing Nawangan wingi, atusan warga tumplek blek pingin nyedak lan salaman karo  Gagarin.

Prawoto sing awale kenal Gagarin mung sruwing sruwing bareng ngerti wonge' dadi njumbul'  masya Allah piyantune Gagah gede duwur, piyantune kalem,semanak cocok dados pemimpin Pacitan, jare Prowoto gumun.

Sayang' saking wonge sing teko akeh, Cawabub pendamping Indrata Nur Bayu Aji  iku ora isa nglayani foto siji siji ,Gagarin mung nyuwun doa pangestu karo warga sing teka.
 Kulo nyuwun doa dumateng panjenengan sami bilih kawula ugi mas di Aji bade nurus ajen perjuanganipun pak SBY mbangun kutho Pacitan ingkang langkung sae,sejahtera,aman lan tentrem, jare gagarin optimis.

Fakta Gagarin ijik akeh pendukunge terutama ana desa desa,seolah jungkir walik'ne kabar sing berkembang, sinten mas sing ngomong nek pendukung pak gagarin pindah, sing pindah nggih namung tiyang tiyang sing sakit hati niku to ,paling namung  pinten glintir, jare sarwiji pendukung setia Gagarin.

Fakta pendukung gagarin isih kompak diamini Lancur Susanto, mantan Wartawan lawas iku njamin, pendukung gagarin ana wilayahe tetep setia dukung pasangan JIGAR (Aji-Gagarin) dadi Bupati Pacitan periode 2021-2024 . DEMI PACITAN LEBIH BAIK (Tim)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda