TIM SUKSES PRAKTIS MUNG NGGO GAGA GAGAHAN. - PACITANPOST

Selasa, 15 September 2020

TIM SUKSES PRAKTIS MUNG NGGO GAGA GAGAHAN.

Pacitan Ppos 16.09.020.
Coblosan pilihan Bupati Pacitan sing wektune kari rong sasi, ndadekde persoalan kabeh calon Bupati/wkl Bupati, utamane arep ngrancang kegiatan sosialisasi.

Biasane kegiatan sosialisasi kudu di bentuk tim Sukses, ananging gandeng wektu sing mepet diyakini tim sukses kimaeng  ora bakal efektif merga kentek'an wektu, jare sugiharto tunas subur wingi.

Alesane sugik, ngompakne anggota tim wae mangan wektu rong minggu, ngrancang program kegiatan seminggu, terus bar kui' Calone duwe duwit opo ora, nek nganti calone ora dwe duit,wah tak jamin tim sukses mung dadi arena kumpul kumpul, jagong ngalor ngidul.

Seumpomo cabub duwe duit sekalipun,  wektu sing mepet koyo ngene iki, gek arep entuk biting piro, wong sedelo maneh gek nyandak hari tenang,ora ora nek efektif malah mung ngentek entek i duit wae,  jare bos Tunas Subur ambek glogak glegek.

Pendapat Sugik diamini karo Sutarno, luwih becik kalau toh duwe duit wis gek action sak nyandak nyandak'e wektu, enek duit 100 juta yo ditumanjak'ne , enek duit 500 jt yo gek ditumanjakne selak wektune entek, nek tim iku diperlokne  gaweo tim sing ramping wae, ora kakean umeg tp kegiatan jalan, jare Sutarno Pengusaha asal Jogjakarta asli Nglorok.

Opo neh nek colone minim dana, obah ngalor nglowos, obah ngidul nglowos, entek entek ane mung ngeselke tungkak, jare Jarot sing wis kulino melu tim sukses pirang pirang tahun, yo untung wingi aku melu cabub sing empuk, masiho ora kerekom tapi seneng, ora ngeselke sikil, jare pangsiunan pegawai Pemda Pacitan sinambi guyon.

Sementara Wiwit Rowi, ngaku ora maido opo sambate calon bab babagan wektu sing mepet, lha piye meneh tahapane Pilkada aturane wis ngono, jare wiwit ditemoni media ning warung Maun (Gustik).


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda