TUKANG POLLING DADAKAN JEDAL JEDUL. - PACITANPOST

Jumat, 18 September 2020

TUKANG POLLING DADAKAN JEDAL JEDUL.


Pacitan Ppos 17.09.020.
Saben saben Pilkada mesti njedul tukang Polling dadak'an, mbuh ale gawe ambek turu utawa lagi nongkrong ning cakruk, utak utek Hp ra nganti limang menit Polling beres.

Tujuan tukang Polling macem macem, enek  mung nggo guyon,enek sing nggo enges enges lawan lan enek sing di enggo gaya gayaan ben ketok akademis.

Ana Pilkada Pacitan, tukang Polling arang kading wis mulai njedul ,enek sing ngumbulke pasangan Mbois lan enek sing ngumbulke pasangan Jigar.

Mungkin sing ora biasa ngikuti politik hasil polling sing di share  ana group goup WA , FB lan liya liyane dianggep valid,ananging bagi sing biasa melu ndagel hasil polling dianggep guyonan lan gojek antar konco ning group.

Terlepas saka kui kabeh,menurut pakar politik Pacitan Drs.Ashar Subandhi , Lembaga Survy sing dikontrak para calon kadang mung nuruti pesenan kanggo dongkrak pendukung.

Praktek praktek Tukang Polling dadak'an sing cenderung mbleloni publik kudune dibrantas,merga unsur penyesatan luwih gede ketimbang unsur manfaat,masyarakat iku butuh informasi sing ceto bab pemimpin,kok malah nggo dolanan, jare ashar lewat sambungan telpon.

Sementara Saptono Nugroho, nganggep Polling Polling sing njedul keri keri iki,ora perlu diseriusi, di anggep wae bahan diskusi antar konco sing elek dibuang sing apik dienggo .

Terkait polling sakjane ana aturane ning KPU,sayang nganti berita iki ditulis Wiwied Rowi sing bidangi masalah SDM KPUD Pacitan urung isa digubungi merga HP ne matek (Gustik).



Sement

















 

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda