WILAYAH KOTA JIGAR VS MBOIS BALAPAN - PACITANPOST

Senin, 21 September 2020

WILAYAH KOTA JIGAR VS MBOIS BALAPAN


Pacitan Ppos 22.09.020.
Umpama diibaratke wong balapan , antara Jigar vs Mbois saling sodok sodok'an,  malah saking ramene  saling pepet ora isa dihindari.

Ananging persaingan ketat iku maeng,saka pantauan media mung terjadi ning wilayah kota Pacitan, sedang ning luar kecamatan Pacitan Jigar  relatif luwih aman.

Keadaan iku iso dimaklumi , merga pemilih wilayah kota cenderung melek politik ketimbang wong ndesa sing uripe lugu lan cenderung ora nggagas Politik. 

Sementara iki, wilayah Basis mung enek rong (2) desa yo kui Arjowinangun lan Menadi sing fanatik menyang Jigar sedang sing 23 desa cenderung royok'an secara merata.

Memang enek 6 desa sing identik Kepala Desa ne condong nyang Mbois, tapi sayang ora dieloni karo pemilih'e.Jare sukiman penduduk setempat, tiyang mriki ingkang katah nderek mas Aji , ning mboten sedanten kados krajan niki katah sing nderek mbois.

Persaingan super ketat terjadi ning desa Tanjungsari.Baleharjo.Ploso.Pacitan lan Pucangsewu.Saka sampling wawancara terbuka Pacitan pos karo 80 pemilih Jigar menang tipis 50,8 % sedang Mbois 49,2 %.

Sing ngaget ngageti,  saka 25 desa  sing disampling Media Pacitan post- Mbois menang mutlak rong(2) ndesa yo kuwi, Bangunsari lan Kelurahan Pacitan, mbois menang mutlak ana kisaran 58 % , sedang daerah basis Arjowinangun lan Menadi Jigar menang mutlak ana kisaran 68 %.

Nganti tekan dina iki Pacitan Post ana wilayah Kota Pacitan sing urung disampling mung kari desa Mentoro.Purwirejo.Kayen.Sirnoboyo.Nanggungan.Sumberharjo lan Kembang.( Tim)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda