BANJIR BANDANG & TANAH LONGSOR ANCAM PILKADA PACITAN. - PACITANPOST

Sabtu, 03 Oktober 2020

BANJIR BANDANG & TANAH LONGSOR ANCAM PILKADA PACITAN.

Banjir mulai ancam kota Pacitan (istimewa)

Pacitan Ppos.03.10.020.
Udan Sedina sewengi ternyata ndadekne  kali lan kalen mbludak ning ndi ndi nggon, banjir ora mung sekitar pacitan kota  tapi wilayah pegunungan tanah longsor ning ndi ndi  nggon , utamane ning perengan gunung pinggir dalan gede.

Nurut catetan Media , tanah longsor ning pacitan jumlahe ana 32 titik , tapi rata rata mung longsor biasa ora nganti ngganggu lalu lintas .

Sing repot kondisi rendeng kaya ngene iki ,  justru jadwal kampanye Cabub sing rada keganggu , warga sing diundang aras arasen teka ,  rombongan cabup wedi klicit lan masuk angin , maklumlah rombongan Cabub wis da sepuh  rawan kenek penyakit , jare Wartejo ambek mesam mesem.

Udan sedina sewengi longsor ning ndi ndi.

Sementara Bupati Pacitan Indartato , menghimbau  kabeh warga Pacitan  kudu waspada , aja nganti klendran ora  bersih bersih lingkungan  sing akhire ngundang penyakit teka , utamane nyamuk Demam Berdarah akibat pergantian musim panas ke musim udan.

Mungkin sing diuntungke mung proyek waduk Tukul , pas dibuka aliran Bendungan secara serimonial tanggal 01 Oktober  2020 wengi ne langsung udan gede , berarti nek udan terus kaya ngene iki isa isa 5 sasi Isi Bendungan penuh, ujar Bupati  wingi ning Kantore.

Sedang Ketua BPBD Pacitah Didik Alih nganti berita iki ditulis HP ne dipateni .(Gustik ).








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda