CORONA NGAMUK...!!! WONG PACITAN PERLU PITULUNGAN PRESIDEN. - PACITANPOST

Jumat, 09 Oktober 2020

CORONA NGAMUK...!!! WONG PACITAN PERLU PITULUNGAN PRESIDEN.

Pacitan Ppos 09.19.020.
Iki dina wong Pacitan pada stres !  merga corona ora gek  minggat  ananging malah sang soyo ndadi , terbukti sore iki sing ketemplok'an virus corona tambah wong 18.

Miturut penjelasan juru bicara Satgas Covid 19 Rahmad Dwiyanto, wong 18 sing diumumke  iki maeng kabeh rata rata ketularan  penderita sing wis positif saka  pegawai Bank sing wis sedo lan klaster perjalanan saka jakarta.

Rahmad uga ngomong nek jumlah 18 iku isih iso tambah maneh, sebab sing durung diumumke hasil swab'e  ijik separo luwih , insya Allah sesuk sore hasil swab wong 245  metu  , muga muga wae ora enek penambahan, jare Rohmat lewat telpon.

Sementara  Bupati Pacitan Indartato, ngaku rumongso gagal ngendekne  lakune Virus ning Pacitan , tapi sebagai pemimpin rakyat Indartato tetep optimis  Corona gek cepet minggat saka bumi Pacitan.

Sedang daftar wong 18 sing positif ketemplokan Corona kabeh wis dirawat ning wisma Atlit lan rumah sakit Pacitan / luar Pacitan.

Iki daftar tambahan  wong 18 sing positif diserang  Corona.
1. Lanang , umur 10 tahun asal Pacitan.
2. Lanang , umur 35 tahun asal Pacitan.
3. Lanang , umur 16 tahun asal Pacitan .
4. Wedok , umur 15 tahun asal Pacitan.
5. Lanang , umur 33 tahun asal Pacitan.
6. Wedok , Umur 40 tahun asal Pacitan.
7. Wedok , umur 34 tahun asal Ngadirojo.
8. Lanang , umur 72 tahun asal Ngadirojo.
9. Wedok , umur 26 tahun asal Ngadirojo.
10.Wedok , umur 40 tahun asal Tegalombo
11.Wedok , umur 28 tahun asal Tegalombo
12.Wedok, umur 27 tahun asal Tegalombo
13.Wedok, umur 25 tahun asal Punung.
14.Wedok, umur 43 tahun asal Punung.
15.Wedok, umur 29 tahun asal Pringkuku
16.Wedok umur 27 tahun asal Arjosari.
17.Wedok umur 45 tahun asal Kebongung
18.Lanang umur 57 tahun asal Jakarta.

Ketua Gugus Tugas Covid 19  Pacitan Heru Wiwoho, njaluk marang warga Pacitan  ngati ati lan waspada, manut karo protokol kesehatan, ora usah lungo menyang paran nek rajan kepepet tenan.

Perlu dingerteni  , wong 18 sing positif Covid 19 iku riwayate meh kabeh ketularan saka penderita sing sedo saka desa Tanjungsari Pacitan , selain iku ana riwayat perjalanan saka Jakarta. 

Heru sing uga jabat Sekda Pacitan , nambahi Ayo pada nenuwun karo gusti Allah muga muga Corona sing terus nglabeng golek mangsa  iku gek ndang sirna saka Indonesia khususe Pacitan. ( Gustik)












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda