DEBAT PASLON PILKADA PACITAN GABYAH KABEH AKEH SING ORA NYAMBUNG.. - PACITANPOST

Selasa, 27 Oktober 2020

DEBAT PASLON PILKADA PACITAN GABYAH KABEH AKEH SING ORA NYAMBUNG..

 
Pacitan Ppos.27.10.020.
Paslon nomor urut 1 Indrata Nur Bayu Aji - Gagarin teko ana area Debat didampingi ketua Dewan Pembina Partai Golkar Ir.Effendi Budi Wirawan.
Jago Nyawiji iku teka sakbubare Paslon nomor urut teka.

Sementara  Pasangan nomor urut 2 teka luwih disik dikancani Tim Penasehat PKB Syifaul Jannah lan Faesal Arif.
Cuma bedane , Aji-Gagarin ora gawa bojo , sementara Yudi  Sumbogo - Isah Ansori gawa bojo.

Awale acara debat sing digelar KPUD Pacitan iku awale kaya kaya apik, tapi tekaning materi debat , kabeh wong mbijeni  mletre alias  mung kaya debat saur manuk.

Bahkan acara Debat sempat diwarnai protes saka paslon nomor 2 sing nganggep panitia berat sebelah , padahal asline , Yudi  mung urung diwenehi wektu wae , intine jare Wiwit pak Yudi mung salah paham wae.

Topik debat sing digagas KPUD jane apik  yo kui terkait Program mensejahterakan rakyat , Tapi sayang kabeh calon koyo ra pati nyambung..
Ditakoni ora jawab , barang takon dijawab dewe , jare  Aji bingung dewe...

Sementara Yudi Sumbogo , ngakoni awak'e lungkrah merga jam 4 sore iki maaeng lagi teko soko jakarta , ora sempat sinau materi .

Tak pikir tampilaku ijik luwih apik gus ! Timbang kubu  sebelah , tapi ditakoni terkait Isyah Ansori sing ora dibagehi wektu, Yudi  ngaku wektune kadung mepet.

Secara umum debat Paslon sing sepisan iki, ngecewakne pemilih lan mayarakat secara luas,  koyo koyo kabeh ora pati nyambung , jare Andri sing ndelok langsung ning Gadung Yabi jl.Veteran Pacitan (tim)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda