DIPONEGORO NING NANGGUNGAN SENENGANE NEKERAN . ADUS KALI LAN NUMPAK JARAN...!!..? - PACITANPOST

Sabtu, 03 Oktober 2020

DIPONEGORO NING NANGGUNGAN SENENGANE NEKERAN . ADUS KALI LAN NUMPAK JARAN...!!..?

Pangeran Diponegoro titisan Tlatah Pacitan

Pacitan Ppos .03.10.2020.
Wis kecatet ana sejarah Perang Jawa sing ditulis Sejarawan Inggris  Pieter Carry, yen Pangeran Diponegoro asli titisan Pacitan saka jalur Ibu saka Tlatah Nanggungan.

Mesti wae catetan sejarah sing ditulis Pieter  Carry iku dadi bungah'e wong Pacitan sak indonesia Raya , kabeh ora ngira  nek sejatine Pahlawan Nasional Diponegoro alias Raden Mustahar iku Lahir saka rahim wong Pacitan.

Saiki  masyarakat  Pacitan semakin yakin lan percaya , nek lemah Pacitan dadi salah sijining lemah Barokah ana tanah jawa sing  akeh  nuwuhne satrio satrio agung , sing bakal mimpin negari Nusantara dadi bumi kang kondang kalaka.

Pangeran Diponegoro lan Jendral  Susilo Bambang Yudhoyono  dadi Bukti ananing satrio satrio agung Pacitan sing pernah dadi Senopati lan Raja Agung Nusantara.
Pangeran Diponegoro lahir ranggal 11 Nopember tahun 1785 ning Jogjakarta.
Ibune jenenge RA.Mangkarawati putri Bupati Pacitan Raden Tumenggung Setro Wijoyo 1 sing wektu kui ibu kota Pacitan isih ana desa Nanggungan.

RA.Mengkarawati lahir sekitar tahun 1758 ana lingkungan Tawang Desa Nanggungan Pacitan . Raden Ajeng Mengkarawati dipek bojo Raja Agung Mataram Hamengkubuwana III sebagai selir/ampil sekitar umur 14 -16 tahun.

Ora enek penjelasan langsung ana Sejarah Perang Tanah Jawa , terkait mulo bukane RA.Mengkarawati dipundut garwa selir Raja Agung Mataran ingkang sinuwun HB III, mungkin opo pas Bupati Pacitan sowan nyang ndalem Kraton karo putra putrine gek HB III lirak lirik RA Mengkarawati yo raenek sing weruh.

Klebu soal Prosesi pernikahan RA Mengkarawati - HB III pun penulis Pieter Carry  ya ora nyatet , opo digelar ning PendopoTumenggungan Pacitan - opo Ning Bangsal Kraton Mataram Jogjakarta , yang jelas RA Mengkarawati  ora suwe gek meteng  / ngandut lan nglahirke bayi lanang sing jejuluk R.Mustahar  sekitar tahun 1785.
Makam Diponegoro ning Makasar sulsel.

Miturut cerita Peperangan tanah jawa , pergolakan kekuasaan Kraton mataram sing awale di sengkuneni kompeni belanda , wektu kui umur Diponegoro isih sekitar 7 tahun .

 Ana crita ! Setro Wijoyo 1 sebagai Bupati Pacitan wektu kui  rumangsa kawatir marang nasib' Mengkarawati lan putune ana njero kraton , mulo  age age Mengkarawati lan Diponegoro  cilik di boyong sementara menyang Pacitan nganti situasi aman.

Konon sekitar 4 tahun Diponegoro diramut eyange ana Temenggungan Pacitan , Diponegoro cilik konon jarene !  srawunge Diponegoro diumbar  bebas bareng karo konco koncone ning lingkungan Tawang  Nanggungan Pacitan.
Yo jenenge bocah ndeso, adus kali , golek cerek, nekeran - un-tuk un-tuk dul , nyumet dor doran hal sing biasa dilakoni bocah bocah ndeso jaman ndisik , mungkin Pangeran Diponegoropun nek tenan ora dibatesi srawunge...mungkin iso uga seneng adus kali ngetutne konco koncone, utowo melu nekeran ,luru kecik lan jenis dolanan liyane.

Cuma yang pasti sing ora iso dibantah , setiap anak Raja  entah kui Bupati lan penggede penggede kraton liyane pasti dididik Seneng jaran, termasuk Pangeran Diponegoro wektu ning Pacitanpun konon senengane numpak jaran.(gustik)





















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda