JAGO MBOIS KEKEAN DITINGGAL KUNGKER , KAYA ORA GAIRAH TARUNG - PACITANPOST

Jumat, 16 Oktober 2020

JAGO MBOIS KEKEAN DITINGGAL KUNGKER , KAYA ORA GAIRAH TARUNG

Pacitan Ppos 15.10.020.
Kabeh pada njembleng , animo masyarakat sing ngidap idapi arep ndukung Mbois , iki dina berbalik satus drajat.

Ora koyo saka semangat awal rikala mbois  lagi njedul , seolah olah kabeh wong Pacitan antusias banget , Yudi Sumbogo dielu elukan ning ndi ndi nggon, ning warung warung, ning cakruk cakruk lan liyo liyane.
Cekak aose ' Saben berita fokus nyang pasangan sing duwe jargon mbois kui.

Ananging , selang rong sasi mulai daftar ana KPUD, pasangan mbois mulai gonjang ganjing , diterpa isu l timses'e ora kompak, 
Krungu krungu sing dadi penyebab kurang harmonis'e  Mbois  konon antara tim Relawan sing dipimpin Ir.Suyatno MM  karo Tim Pemenangan Partai sing dipimpin Heru Setyanto rebut pengaruh.

Nganti dina iki penyebab congkrahe tim mbois sejatine  ora enek sing ngerti , mung  krungu krungu saka kabar manuk, bareng tim dicekel  Partai justru ora greng lan ora giat sama sekali , malah ana kabar Calon Bupati mung ditinggali kungkar kungker wae para anggota Dewan.

Ananging kabar manuk kui, dibantah keras karo Wahyu Pujiono, Ora ditinggal mas' pak Yudi lan pak Ansori  tetep didampingi secara bergantian anggota DPRD sing ora ono jadwal kungker nyang luar kota, kan bagi wektu mas, kabeh yo pada golek pangan dewe dewe ben kendil  jo goling, jare wahyu mesam mesem.

Omongane Wahyu Puji , dibenerke  karo ketua Partai PKB Pacitan Fibi Irawan.
Menyang media, Fibi ngomong nek tim Mbois tetep kompak mlaku sesuai arah perjuangan tim Pemenangan , tim mbois duwe simbul sepi ing pamrih rame ing gawe , jare fibi lewat telpon.

Nglokrone tim Mbois nek tenan'  disayangkke karo sebagian rakyat Pacitan sing pingin perubahan, sebab kesempatan emas nyaruk pemilih ngambang kesempatane mung Pilkada tahun iki.

Jare Tokoh Pacitan Sugiharto,  eman eman jane nek mbois nek nglokro tenan sebab,  pak Mbogo ki wonge  jane pinter, sayang timses'e kurang waskita lan kakean pretingsing  mlakune ora terarah.

Sementara kui, Yudi Sumbogo nganti berita iki ditulis urung isa dihubungi, bola bola bali di bel Hp ne di pateni. ( Tim)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda