JARE WONG BULE ! ISU STUNAMI 20 METER ISUNE WONG NGLINDUR...? - PACITANPOST

Senin, 05 Oktober 2020

JARE WONG BULE ! ISU STUNAMI 20 METER ISUNE WONG NGLINDUR...?


Pacitan Ppos .06.10.020.
Akhir akhir iki daerah wengker kidul termasuk daerah Pacitan wargane pada resah , gegara isu stunami sing duwure 20 meter kang bakal nerjang pesisir kidul pulau jawa.

Warga tambah bingung merga Covid 19 urung sirna , disusul ancaman banjir bandang  lan tanah longsor sing sewaktu waktu isa terjadi , malah iki dina ditambah meneh  isu Stunami sing duwure nggegirisi (20 meter).

Saking bingunge bab Stunami , warga sing keweden saben dina kendaraane selalu diperkir ngadep nyang dalan , bensin diisi penuh , jaget mantol  selalu tersedia ning jok , bahkan sing duwe mobil ning jero diisi barang barang pokok,  beras , mie instan , minyak  , penggorengan , air minersl lan kebutuhan kebutuhan liyane.

Koyo sing dikandakne wartejo, sekalipun isu stunami iki mung hasil riset saka perguruan tinggi  ora kenek disepelekne , mulo jaga jaga iku penting , timbang keri keri engko krabyak'an , jare pensiunan tentara asal Kedawung Mentoro iki.

Bahkan saking wedine bab Stunami , akeh warga nek bengi turune kancilen ( tidak nyenyak ) merga wedi stunami teko tengah wengi ,  kaya sing dikandakne bu Mahmud asal ploso..alah pak pak ' turuku saben wengi mung klesak klesik wedi sunami ujug ujug teka , kujur awak nek ngene ki i
terus.
Tak pelak isu stunami sing kaya mengkene iki , dadi guyon  bule bule ( orang asing ) sing lagi surving ning segara kidul , ambek guyon si bule ngomong , Periset indonesia ngalahke malaikat sing lagi moco pengumuman ha..ha.

Bule sing jenenge Hery kane asal inggris iku melu prihatin karo kondisi warga kidulan ( pesisir selatan ) sing akhir akhir iki resah , Kudune periset/peneliti ora entuk ngumbar hasil penelitiane ning warga secara umum , opo neh perkara gaib  kaya stunami  ngene iki , kudune pemerintah Indonesia ati ati.

Hery nambahi , sak jrone dewek'e  urip melanglang buana ning negara endi wae , urung enek peneliti dunia sing isa mrediksi kapan akan terjadi stunami , opo meneh nganti isa mrediksi gedene stunami , ya lagi ning Indonesia iki , jare Herry cikikik'an , mesakne wargamu mas' Covid rung bar wis disusul isu liyo.

Sementara warga lokal pesisir kidul rata rata sependapat  karo omongane bule Herry , sak ora orane keneng di enggo nglipur ati ben jo panik , jare Darno nelayan lokal Pacitan sing saben dinane ubek ning laut.

Bahkan Darno usul menyang pemerintah Indonesia , nek mung sekedar hasil penelitian ojo buru buru di umumke ning publik , sebab hasil penelitian iku kudu diuji karo penelitian liyane sing dinaungi saka badan PBB , ojo mung angger ngumumke lha nek warga resah ngene iki piye jal... (Tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda