MENINGGAL TAMBAH 2 , KLASTER BKD CORONA NYOKOT WONG 7 - PACITANPOST

Senin, 19 Oktober 2020

MENINGGAL TAMBAH 2 , KLASTER BKD CORONA NYOKOT WONG 7

 
Pacitan ppos.19.10.020.
Sopo wae sing iki dina golek sandang pangan ning Pacitan, bener bener kudu waspada tenanan,  sebab pageblug sing diarani  Corona kui ora isa diajak kompromi , iki dina ngamuk maneh luar biasa.

Bayangno! , Lagi wae wingi entuk kabar meninggal siji, iki dina wis tambah 2 sing dinyatakan sedo ( meninggal).
Korban ninggal 2 kui desane beda , ora koyo wingi nglumpuk ning desa Tanjungsari.

Sing nggegirisi ,  ana Pacitan muncul klaster anyar  saka Perkantoran ( BKD) sing gawa korban akeh banget, total termasuk klaster Perjalan ana 13 uwong sing di cokot Corona.
iki daftare penambahan dina iki sing diumumke jubir Satgas Covid Rahmat Dwiyanto.

1. Lanang umur 31 thn asal kec Punung.
2. Lanang umur 33 thn asal Kec Nawangan
3. Lanang umur 40 thn asal kec Bonagung.
4. Wedok umur 53 thn asal kec Ngadirojo.
5. Lanang umur 50 thn asal Kec Pacitan.
6. Wedok umur 50 thn asal kec Pacitan.
7. Lanang umur 17 thn asal kec Pacitan.
8. Lanang umur.......ktp Wonogiri 
9. Lanang umur.......ktp Bandung.
10.Lanang umur 37 ktp Sleman .
11.Wedok umur 28 asal Kec Donorojo.
12.Lanang umur  50 thn asal kec Pacitan
13.Wedok umur 59 tahun asal kec Tulakan

Perlu dingerteni , gandeng muncul klaster anyar Perkantoran , mulai sesuk Bupati mrintahke khusus Kantor Badan Kepegawaian Daerah kabupaten Pacitan tutup sementara , nganti bener bener aman  lan stiril saka ancaman Covid 19.

Bupati uga pesen marang warga masyarakat Pacitan, merga Corona ning Pacitan saya ndadi , Bupati njaluk disiplin warga ditegakne , ojo aktifitas luar kota nek ora perlu tenan, sebab klaster Perjalanan secara nasional sing paling akeh tertular corona, tulung tenan pak kades diawasi wargane, jare Bupati memelas.

GURU SD BALEHARJO NEGATIF KABEH
Terkait guru guru SD Baleharjo 2 sing salah sijine sempat tertular Covid 19 saka klaster perbankkan, wingi pengumuman Hasil Swab Guru Guru SD Baleharjo 2 kebeh dinyatakan NEGATIF. (Gustik)











Bagikan artikel ini

1 komentar

  1. Kare' ngenteni iso Gubernur Khofifah nggowo klaster anyar... Wallahu'alam

    BalasHapus