NGERI PACITAN ..! DINO IKI SING DI DISERANG CORONA TAMBAH TELU..MANEH - PACITANPOST

Sabtu, 10 Oktober 2020

NGERI PACITAN ..! DINO IKI SING DI DISERANG CORONA TAMBAH TELU..MANEH

             ( foto  warga pacitan jalani swab)

Pacitan Ppos.10.10.020.
Virus Corona ning Pacitan terus nglabeng golek mangsa ,  ora dumeh balita , remaja , lan wong tuwek kabeh di sasar karo Virus sing  teka saka china.

Miturut keterangan jubir Satgas Covid, iki dina sabtu (10/10) warga pacitan sing diserang corona tambah wong 3 sing domisiline ana kecamatan Pacitan kota     ,  Jumlah sing cacahe sakmono kui  diduga ketularan saka klaster Bank terkenal Pacitan  sing seminggu kepungkur seda.

Mungkin merga akeh sing takziah , lan nggulo wentah ( memandikan )  mayit tanpa memperhatikan protokol kesehatan , akhire pada ketularan virus ganas sing nemplok ono mayit.

Juru bicara Gugus Tugas Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto ngomong  , tambahan  wong 3 iku duwe riwayat kontak karo pasien sing pertama sedo, iki dina sing 2 dirawat ning rumah sakit Jogjakarta lan sing siji dirawat ning Pacitan.

Daftar  tambahan warga sing diserang Corona ning Pacitan dina iki  Sabtu.10.10.2020.

1. Lanang , 17 tahun saka kec Pacitan.
2. Wedok  , 26 tahun saka Kec Pacitan.
3. Lanang , 26 tahun saka Kec Pacitan.

Dadi merga iki dino tambah 3 jumlah secara akumulatif saka awal 164 , sing sembuh 106 , sing sedo 4 , liyane dirawat ning berbagai tempat.

Bupati Pacitan Indartato, krungu penambahan iki dina rumongso sedih padahal  ora bosen bosene ngandani  wargane , jare bupati '  ojo sering sering dolan menyang luar kota nek jan ora kepepet tenan .

Bupati uga pesen  patuhi protokol kesehatan, selalu nganggo masker, cuci tangan lan  nerapne sosial distancing sing ketat , nanging gek pripun tiyang tiyang sami susah dipun kandani , jare  Bupati  mesam mesem.

Bupati nambahi , merga status Pacitan terbilang darurat ,  Pemkab Pacitan arep segera koordinasi menyang  Propinsi Jawa Timur , golek solusi sing tepat korona ben cepet minggat.

Persatuan Warga Pacitan sing ana Jakarta ( PWP )  merasa prihatin ana daerah kelahirannya dadi tranding topik Pemberitaan elek merga anane Pagebluk sing jik krasan ningn Pacitan. ( Gustik )






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda