PELABUHAN GELON DADI DONGENG LAN BAKULAN CALON BUPATI. - PACITANPOST

Jumat, 02 Oktober 2020

PELABUHAN GELON DADI DONGENG LAN BAKULAN CALON BUPATI.

Pacitan ppos 02.10.020.
Mbuh piye ndisik  ale ngrancang , Pelabuhan Gelon sing jare arep dadi Pelabuhan Niaga Nusantara iku,  kondisine wis pirang pirang tahun mangkrak nyebel nyebeli mata.

Masyarakat ora ngerti kota katune, ngerti ngerti dijalukki sebagian pekarangane kanggo fasilitas Pelabuhan Gelon,  yo jane ngono dituku jare Abror warga sekitar desa Kembang Pacitan.

Masyarakat Pacitan nalika Proyek mulai dibangun , kaya kaya ana harapan sing gede anane Pelabuhan gelon kui, merga promosine  bakal ana Pabrik Semen, ana kapal kapal kargo sing bakal mampir ana Pacitan lan liya liyane.

Ananging  kocapo !  bareng gunung wis dikeprasi, dalan mlebu komplek pelabuhan Gelon wis dibebaske tiba tiba 0ra enek bledek ora enek udan, proyek Pelabuhan mandeg , informasi saka Pemkab Pacitan nunggu anggaran tahun ngarep, tapi fsktane nganti seprene  Proyek mangkrak raenek jluntrunge .

Sakjane saka awal Proyek sing bakal ngentekne dana rakyat 6 T iku wis kontroversi, mulai saka tempat sing ora layak , masa depan Pelabuhan sing ora jelas lan komoditi lokal sing arep diangkut kapal sing ora enek.

Mungkin merga Proyek kimaeng dinilai ora realistik,  Pemerintah Pusat pilih mengkaji ulang ora diteruske alias ditutup, ditambah situasi negara sing wektu kui lagi kenek pageblug sing nganti seprene urung bar bar.

Dene akhir akhir iki, ana swara Proyek arep diteruske , iku dinilai warga mung bualan wong sing duwe tujuan tertentu, misale mung rep dienggo dagangan nyalon Bupati, seolah olah nek dadi Bupati Pelabuhan Gelon bakal diteruske, sindir Ashar Subandhi praktisi Hukum lan Politik.

Praktek main isu sing ora produktif kaya ngono iku, dinilai Ashar  isa dikatagorikan mbleloni rakyat Pacitan, la nek suceng mbok dilebokne Visi Misi nek wani, asal dipertanggung jawabne tenan, dengan catatan nek ra gol, kudu  gelem mundur saka jabatane. ( Gustik).


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda