POLEMIK KLASTER BRI URUNG BAR, BANK JATIM NUSUL....? - PACITANPOST

Selasa, 06 Oktober 2020

POLEMIK KLASTER BRI URUNG BAR, BANK JATIM NUSUL....?

 .                                           ( Foto istimewa)

Pacitan ppos 06.10.029.
Polemik klaster anyar Bank BRI urung bar , iki dina enek kabar Bank Jatim Pacitan  ya enek sing kenek covid , kabare ketularan bojone  sing kerja ning BRI Pacitan.

Kepastian karyawan Bank Jatim positif covid 19 , Juru bicara Satgas Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto urung isa menehi penjelasan merga nunggu keterangan  resmi saka pihak dinkes/satgas ,  tulung konco konco wartawan sing  sabar ben jo slarang slurup.

( Suasana lock down dusun Bengkal desa Tanjungsari).

Sementara terkait hasil swab masal dusun Bengkal Tanjungsari sing di periksa dina kimaeng jumlahe 245 warga , jare Rahmad kabeh urung ana hasile mungkin isih suk jumat , sebab sing duwe kewenangan hasil swab Jawa Timur.

Sedang  hasile Swab sing dek wingenane ana 5 pasien , termasuk bojo lan sanak kadange sing meninggal wingi , Jare Rahmad kabeh pasien wis dirawat ning rumah sakit Darsono lan Wisma Atlit Kucur Sidoharjo Pacitan.

Bupati Indartato  sebagai kepala daerah Pacitan , ngajak para elit Partai , ormas, wartawan lan stake holder liyane rembukan bareng kanggo nemokne solusi terkait perkembangan Covid ning Pacitan sing semakin meningkat,  sayang pertemuan demi pertemuan  ora ana titik temune , malah terkesan kurang terkordinir ,  solusi sing diarepke pemerintah urung enek. (tim)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda