SESUK ENEK DEMO....GRUDUG DEWAN - PACITANPOST

Rabu, 07 Oktober 2020

SESUK ENEK DEMO....GRUDUG DEWAN

  ,(  Dok Demo Mahasiswa )

Pacitan Ppos 07.10.020.
Wegah  kalah karo Mahasiswa sing ana  Jakarta , sesuk Mahasiswa Universitas Muhammadiah Pacitan arep demo ning Gedung Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Pacitan ning Jalan Ahmat Yani.

Agenda Demo podo karo konco konco Mahasiswa Jakarta , menolak Undang Undang Cipta Kerja lan nuntut Presiden Joko Widodo ngetokne Perpu , sebab undang undang Cipta Kerja sing digodok Dewan Pusat iku dinilai mateni buruh lan  berpihak Pengusaha.

Menurut info njobo  ! demo mahasiswa Muhammadiah Pacitan budal saka kampus Baleharjo sekitar jam songo esuk ,  kiro kiro  wong 60 mahasiswa , Ananging ternyata kabar demo Mahasiswa Unmuh Pacitan dibantah pihak Gemma Gita Reformasi Unmuh.
Niku sing leres Mahasiswa  Unmuh bade nyukani petisi namung tiyang 10.

Sediono Dewan saka Gerindra , mengapresiasi  rencana Mahasiswa Pacitan demo ning gedung dewan , iku hak mahasiswa  nyalurke unek unek / aspirasi ning omahe ( gedung) rakyat.

Dewan asal Arjosari,  sing ndisik yo mantan pendemo iki arep ngusahakne teko ning gedung Dewan lan nemoni Mahasiswa, yo mugo mugo aku isa teko tapi ki jik ning Temanggung kungker, jare diono dihubungi media  lewat telpon.

Perlu dingerteni kabeh, secara serentak Mahasiswa lan buruh sak Indonesia ngenekne demo nuntut undang undang Cipta Kerja sing kontroversial lan nuntut Presiden Joko Widodo ngetokne Perpu.

Sayang demo sing awale aman dadi gendro karo Polisi sing terlalu keras karo mahasiswa , alhasil tindakan Polisi pada disayangke karo masyarakat Indonesia, polisi dianggep ora duwe ati karo adik adik mahasiswa. ( Tim).









 

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda