SESUK GUBERNUR JATIM SAFARI NING MINULYO.MUSIUM SBY.SUNGAI MARON. - PACITANPOST

Sabtu, 17 Oktober 2020

SESUK GUBERNUR JATIM SAFARI NING MINULYO.MUSIUM SBY.SUNGAI MARON.

                                   ( Foto. Khofifah file)

Pacitan Ppos 17.10.020.
Menurut rencana minggu ( 17/20) Gubernur Jawa Timur Khofifah Indar Parawangsa arep Road Show menyang Pacitan.

Didampingi Bupati Pacitan Indartato lan Rombongan , sore iki  Gubernur Jatim  Wedok  pertama kali iku budal saka Surabaya numpak mobil lewat darat ,  diperkirakke teka Pacitan  sore/ bengi.

Sesuai jadwal sing dikirim saka Humas Pemkab Pacitan , bar sarapan ! Gubernur langsung giat nyang Pasar Minulyo adum masker , lanjut nyang lokasi Proyek Pembagunan  Musium SBY sing ana dalan JLS.

Sekitar jam 13.00 Wib sak wise acara ning Pendopo Pemkab Pacitan , mantan Mensos iku arep ndelok ndelok lokasi Wisata ning Kali Maron lan sekitare .Ora dijelaske ning kono adum masker opo ora ,  media ora weruh.

Tapi sing pasti , Gubernur Jatim iku teka Pacitan  kegiatan dinas ( safari ) terkait sosialisasi Protokol Kesehatan sak njrone ana Pageblug / Covid 19 sing ijik ngurek ana Pacitan lan daerah Indonesia liyane.

Perlu dimangerteni , Pageblug sing arupa Corona nganti dina iki wis nyudo nyawa ( menewaskan )  patang / 4 uwong  lan nglarani wong 178 sak Pacitan . 

Alhamdulillah , jare jubir Gugus Tugas Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto , dina iki Sabtu ( 17 / 10 ) ana penambahan sing sehat  19 uwong sing dirawat ana berbagai rumah sakit .( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda