WIS WIS...GEGARA PASIEN BRI NINGGAL ...COVID ...AMBYAR...MANEH.! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 07 Oktober 2020

WIS WIS...GEGARA PASIEN BRI NINGGAL ...COVID ...AMBYAR...MANEH.!

.            ( Swab warga sidomulyo dina iki )
 Pacitan Ppos.07.10.020.
Gegara karyawan BRI terpapar Covid lan ana sing seda , virus ganas sing asale saka negara china iku nular ning ndi ndi nggon.

Ora mung ning BRI, tapi iki dina wis  njalar menyang karyawan Bank Jatim Pacitan  ( WN) sing ketularan saka bojone  sing kerja ana BRI  Cabang Pacitan.

Ora tanggung tanggung , Virus sing nemplok karyawan Bank Jatim nemplok maneh menyang keluargane sing ana desa Sidomulyo Kecamatan Kebonagung.

Sing repot meneh keluargane ( WN ) duwe usaha BRI Link sing  nasabahe / pelanggane  saka endi endi , akhire ! Timbang Corona  nular ning ndi ndi nggon, pihak  desa lan satgas Covid 19 Pacitan ngenekke Tracing ning Balai desa Sedomulya Kebonagung.

Kabeh warga sing nate menyang BRI Link keluarga ( WN) ditambah warga lingkungan desa Sidomulyo sing cacahe  ( 107) uwong iki dina  di tes Rapit massal , sing hasile iso diumumke minimal dina sabtu , nanging pemeriksaan iki maeng  enek siji sing langsung Reaktif  Covid.

Sementara terkait tracing karyawan Bank Jatim , nganti berita iki ditulis Jubir Satgas Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto urung isa dihubungi merga HP ne dipateni.

Perlu dingerteni kabeh , rakyat Pacitan iki dina was was anane Pagebluk sing urung minggat minggat , malah  Virus nderbalani sing jenenge CORONA iki sang soyo ...ambyar ..( Gustik)




Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done