ASN DIKNAS RAME RAME NJALUK DI SWAB. - PACITANPOST

Selasa, 03 November 2020

ASN DIKNAS RAME RAME NJALUK DI SWAB.


 Pacitan Ppos 03.11.020.
Merga enek sing ninggal sebab  korona , kabeh pegawai Dinas Pendidikan Nasional Kabupaten Pacitan resah , kabeh pada wedi nek ketularan sing wingi seda.

Semono uga sing wis di Swab, pingine hasile gek metu , aku tersiksa mas selama nunggu Swab , arep cedak bojo wedi , arep njagong mbek anak yo wedi , karo tangga teparo yo rakepenak , wis pokok'e serba rakepenak ,  jare  staf diknas sing ora gelem ditulis jenenge.

Sing luwih susah maneh sing durung di Swab , kabeh pada dersula pingin gek ndang ndang di swab , ojo nganti kadung mbabrah , nular ning ndi ndi nggon.

Ternyata kekawatiran pegawai Diknas direspon Bupati Indartato , sesuk gugus Tugas wis mulai pendataan / tracing kabeh Pegawai diknas sing urung di Swab.

Bupati menehi saran karo pegawai diknas, ora sah susah , ora sah cilik ati , Pemerintah lagi usaha piye carane Korona gek ndang sirna saka Pacitan , sekalipun iki dina urung berhasil.

Perlu dimangerteni , sak wis'e hasil swab almarhum ( A ) metu hasile ,  lan Almarhum dinyatakan meninggal merga Covid , kontan kabeh pegawai diknas geger lan resah.

Ora mung pegawai diknas sing resah , tapi kabeh guru utawa Kasek sing pernah tindak menyang diknas , iki dina uga melu deg degan kabeh , wedi nek dadi wong OTG .

Sesuai pengumuman Jubir Gugus Tugas Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto,  sing dikirim ke Media secara tertulis  , Dipastikan ASN  sing dirawat ning RS Ponorogo ninggal  merga Positif Covid .(tim)



 







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda