EKS TIMSES RONNY SENENG RAKARU KARUAN RONNY PIMPIN DPRD. - PACITANPOST

Jumat, 27 November 2020

EKS TIMSES RONNY SENENG RAKARU KARUAN RONNY PIMPIN DPRD.


Pacitan Ppos 28.11.020.
Nalika semana , kira kira akhir  sasi agustus , tim ses Ronny Wahyono kaya rumangsa ketiban gunung , jagad seolah peteng ndedet , mata tim sukses kabeh klemun klemun bareng ngerti rekom Cabub luput saka pengangen angen tim.

Kahanan kaya mangkana perlu dipahami, merga tim sukses Ronny Wahyono sing cacahe 800 berjuang tanpa pamrih setahun medun.
Ngubengi desa sak kukube Pacitan , melu ngentasne kesusahane warga , merga Pagebluk sing ora lungo lungo.

Tapi sayang usaha tanpa pamrih tim ses Ronny Wahyono urung diijabahi Gusti Allah, Rekom medun , menyang Ponakan SBY Indrata Nur Bayu Aji sing kedapuk Cabub lan Gagarin Sumrambah sing gelem didapuk dadi Cawabub.

Tapi Gusti Allah ora sare , Gusti Allah ora pernah salah ngenggonke drajat hambane sing sabar lan iklas.
Ditengah Aji-Gararin , Mbois isih kemringet nggayuh drajate , Ronny Wahyono wis dipapakne Gusti Allah kanti nyandang Pimpinan Dewan Pacitan.

Kahanan susah telung sasi kepungkur , iki dina jablas mari sak kal merga Ronny Wahyono kaparing drajat sing luwih penting kanggo kemajuan Pacitan.

Ketua Tim Ronny Wahyono Ir Suyatno MM, pesen marang Ronny Wahyono , ojo jumawah merga jabatan , sebab kabeh jabatan iku cobaan.
Muga muga Pak Ronny isa ngemban jabatan sing saiki kerengkuh iku kanti berjuang sing tulus kangga masyarakat Pacitan, utamane wong cilik cilik , selamat bertugas pak Ronny, timses hanya bisa sampai disini berjuang untukmu....selamat ( Gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda