CORONA PACITAN TEMBUS 500 ORANG LEBIH.. GAWAT..GAWAT.. - PACITANPOST

Rabu, 16 Desember 2020

CORONA PACITAN TEMBUS 500 ORANG LEBIH.. GAWAT..GAWAT..

pacitann Ppos.16.12.020.
Memprihatinkan tapi wis biasa, iku kesan masyarakat Pacitan ngadepi pagebluk sing saya ndadi , termasuk berita dina iki sing ana tambahan 15 uwong sing ketularan corona.

Miturut Juru bicara satgas Covid Rahmad Dwiyanto, tambahan 15 penderita Covid 19 dina iki mung sumebar ana 2 kecamatan Tulakan lan Donorojo.
Donorojo 8 penderita , Tulakan 7 penderita , jare Rahmad , kabeh ketularan saka pasien sing ndisik positif.

Sing memprihatinkan maneh, dina iki ana kabar penderita Covid klaster Rumah Sakit Tambah maneh , bojone dokter ( nd) uga ketularan virus sing ganase nggegirisi.

Ananging kabar bojone dokter kenek Covid urung isa diverifikasi Media, merga kepala Rumah sakit Pacitan dr Iman, urung isa dikonformai , jare staf sing ditemoni media ning Kantore , pak iman nembe tindak medal  kantor.

Sing repot , masiha sing kenek Covid ana Pacitan saya mblader, warga masyarakat pacita wis pada cuek / blas ora pati gagas , merga virus asale saka china iku wis kadung suwe ale nglabeng ning Pacitan lan daerah liyane.

Memang enek benere, merga kabeh butuh madang , butuh ngragati anak lan butuh butuh liyane.
Sebab nek mandeg jegreg ora obah saka omah, mung krana wedi karo korona ,isa isa malah mati kabeh , ora mati merga korona, tapi mati merga kluwen.

Ananging pesene Buati, masiha warga masyarakat ( khususe) Pacitan saben dinane wis mulai nyambut gawe, tapi tetep ngati ati, nganggo masker, jaga jarak lan sering wisuh tangan ( tim).

 


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda