DUH BIYUNG GEK KEPIYE PACITAN IKI, POSITIF CORONA TAMBAH 25. - PACITANPOST

Selasa, 08 Desember 2020

DUH BIYUNG GEK KEPIYE PACITAN IKI, POSITIF CORONA TAMBAH 25.


Pacitan Ppos.08.12.020.
Kabar duka , sesuk coblosan Pilkada , iki dina Virus Corona ngamuk maneh.
Nek wingi sing kenek corona wong 33 ,iki dina tambah wong 25.

Menurut info sing ditampa Media, wong 25 sing positif corona , tertular saka pasien wong 9 ( kontak erat) sing dirawat ning Rumah sakit Darsono Pacitan.

Bupati Pacitan ,  sing diwakili Juru Bicara Gugus Tugas Satgas Covid 19 Rahmat Dwiyanto , Bupati pesen , kabeh warga ngati ati merga iki dina Covid 19 ale ngamuk saya ndadi.

Jare Bupati, ora mung ning Pacitan ananging ana daerah liyo , Corona uga mewabah ngluwihi Pacitan, buktine zona Pacitan kuning daerah liyani orange lan abang , yo muga muga Pacitan tetep Kuning.

Sing Repot , sesuk coblosan Pilkada 2020, diperkirakne sebaran korona bakal luwih dahsyat maneh , sebab bakal ana konsentrasi massa ning sekitar TPS TPS.
Jubir Satgas , pesen ati ati , tetep nganggo masker, jaga jarak , sering wisuh nganggo sabun.(tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda