JARE DI LOCK DOWN WARGA TETEP NDLUWUS... - PACITANPOST

Kamis, 31 Desember 2020

JARE DI LOCK DOWN WARGA TETEP NDLUWUS...


Pacitan Ppos 2020.
Saking Corona wis angel dikendalikan , rong dina kepungkur Jl Achmat Yani Pacitan / Penceng mengulon teka Bapangan ditutup total.
Ananging upaya pemerintah tetep dilanggar karo wong sing ora peduli bab babagan Covid.

Saka pantauan Media, isih akeh kendaraan roda dua lan mobil sing nrobos dalan raya  paling rame sak Pacitan iku , utamane saka arah kulon alun alun.

Perilaku elek  warga Pacitan sak jrone pagebluk , dadi mumete para Pemangku Pemerintah Pacitan , merga sebaran covid 19 ana Pacitan tambah nderbalani lan membahayakan penduduk.

Bahkan seminggu terakhir , wong Pacitan sing terjangkit Virus ganas  luwih saka satus , Bahkan dina iki wae tambah wong 20 sing terpapar Corona.
Sing mati merga korona yo soyo tambah 21 uwong.

Miturut Jubir Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto, sak jane Pemerintah Pacitan yo rakurang kurang ale menehi susulih bab babagan Covid 19 , saben desa wis diwenehi rambu rambu terkait penanganan covid , tapi yo kui kalah mbek golek pangan, jare rahmat maeng awan.

Ora maido jare Rahmad , pancen nek mung njegrek ono ngomah isa isa wong sak omah ora madang, ananging kabeh kudu dijaga , golek pangan iyo , mematuhi ptotokol kesehatan yo penting.
Ning nek dalan wis ditutup trus ditrobos mlebu kaya ning dalan ahmat yani iku , keterlaluan , wong kui hati nuranine wis mati  .

Sementara itu, Bupati Pacitan Indartato ngajak kabeh warga Pacitan  urip di lingkungan yang sehat , matuhi protokol kesehatan , ben kabeh aman saka ancaman Corona sing soyo ndadi. (Tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda