SEMPAT KELARA LARA , GIRI DADI BUPATI - PACITANPOST

Jumat, 11 Desember 2020

SEMPAT KELARA LARA , GIRI DADI BUPATI

  giri Sancoko akhire dadi Bupati Ponorogo

Pacitan Ppos.11 12 020.
Drajat Pangkat, Rejeki lan Pati wis enek sing atur. Menungsa mung kari nglakoni , mula aja gumerah bab patang perkara kui , sebab kabeh sing duwe gusti Allah , ora isa direbut lan ora isa dipeksa.

Prinsip ana duwur iku , mungkin , sing dienggo Giri Sancoko.
Sak ora orane ,  nalika Giri,  ora kerekom induk Partaine Demokrat. Giri ora patah semangat .
,Kanti kesabaran lan ketabahan,
Giri Sancoko,  isa uga ,  dituntun malaikat mlebu menyang Kandang Banteng.

Blas ora grahito , lamaran Giri ditanpa Megawati  kanti mulus. 
PDI Perjuangan merekom Giri Sancoko berpasangan karo Lisda Rista macung Bupati Ponorogo periode 2021-2024.
Dasar wis rejekine Giri , masiha tanpa banda sing cukup  , Giri sing uga terkenal ana Pacitan iku Menang Mutlak, ngalahne Petahana Ipong Muslichoni , sing limang tahun kepungkur dadi rivale.

Lewat telpon giri ngomong, amanah saka rakyat Ponorogo insya Allah tak jaga kang, dongakno aku isa ngemban tugas sing abot iki , Aku yo ora pingin dadi Bupati sing ora amanah , sombong lan ora cedak karo rakyat , Insya Allah aku ora berubah.
Masiha aku dadi Bupati , sikapku tetep  ora berubah , Giri biyen karo Giri saiki tetep pada, insya Allah jare Giri lewat telpon.

             Giri Sancoko di dongani kyai 

Perlu dimangerteni, ana pertarungan Pilkada Ponorogo tanggal 9 desember wingi , Giri Sancoko-Lisdarista vs Ipong Bambang, akhire   dimenangke pasangan 01 Giri Lisda , Masiha urung pleno KPUD Ponorogo , berdasarkan Hitung Cepat Pasangan Giri menang sekitar 57 %.

Menurut  Subiyakto Warga  Ponorogo , perjuangan giri pancen ulet lan ora gampang menyerah , mulai dijegal no urut Pencalegan, kalah pilihan Bupati lan sing terakhir ora direkom induk Partaine Demokrat.
Ternyata, ora ndadekne Giri Cilik ati, Gusti Allah ora sare , SAIKI GIRI DADI BUPATI ( Gustik)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda