SESUK COBLOSAN PASLON PASLON PADA NDREDEG... WEDI KALAH..! - PACITANPOST

Selasa, 08 Desember 2020

SESUK COBLOSAN PASLON PASLON PADA NDREDEG... WEDI KALAH..!


Pacitan Ppos.08.12.020.
Sedina sak durunge coblosan, kabeh pasangan Calon Bupati/Wakil Bupati Pacitan ketok pada Stres lan Tegang.
Kui kabeh isa dimaklumi, merga ale labuh lan berjuang kanggo ngrengkuh jabatan iku wis setahun medun.

Duit pirang pirang karung, diguang kanggo ihtiar menangke Pilkada Pacitan tahun 2020.
Ora peduli duit ale utang, utawa ngedol ompak lan bondo liyane, sing penting jabatan Buati/Wakil Bupati isa kerengkuh.

Kaya sing dingendikakne Yudi Sumbogo, paslon 02 iku ngaku nganti dina iki wis entek 3.5 M , urung diitung biaya saka awal pendaftaran lan golek rekom , sing kira kira entek 1,5 M.

Semana uga Paslon 01 Indrata Nur Bayu Aji - Gagarin Sumrambah.
Sekalipun pasangan 01 ora terang terangan ngakoni entek'e biaya, ananging wis isa ditebak , kira kira pada karo Yudi Sumbogo , bahkan isa luwih gede meneh.

Akibat biaya biaya kaya sing ditulis ana duwur kui, isa dimaklumi nek dina iki kabeh paslon setres lan ndredeg.Sebab
Klakon opo ora dadi Bupati/Wakil Bupati mung kari sewengi iki.
Saiki kabeh upaya wis tak tempuh Gus, kari nyadong titahe Gusti Allah, sebab sing kagungan Jabatan mung Gusti Allah, jare Yudi maeng esuk ning daleme Arjowinangun.

Sementara Paslon 01,nganti berita iki ditulis ora isa ditemoni , Media kontak lewat tim suksese urung ana jawaban.
Mungkin isih repot mas, jare tim sing ora gelem disebut jeneng.(tim )


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda