TAHUN BARU TAMBAH 32 KASUS POSITIF COVID NOK PACITAN. - PACITANPOST

Jumat, 01 Januari 2021

TAHUN BARU TAMBAH 32 KASUS POSITIF COVID NOK PACITAN.


Pacitan ppos 01.01.021.
Rong dina iki ,  Kasus Positif Covid 19 ana Pacitan tambah 32 kasus , jumlah sak mono iki wis termasuk kasus penambahan  dina iki 12 uwong.

Miturut Juru Bicara Satuan Tugas Covid 19 Pacitan Rachmad Dwiyanto , sejene ana penambahan kasus anyar wong  12 , uga ana sing waras 15 uwong.

Saiki wong sing waras wis entuk mulih saka wisma Atlit , ananging jare Rachmad , masiho wis entuk mulih lan dinyatakan waras ning omah kudu tetep ngati ati lan waspada , merga sebaran covid ning pacitan soyo ndadi.

Sementara Bupati Pacitan Indartato , njaluk karo warga lingkungan  asal penderita Covid , ora ngucilke mantan penderita Covid 19 , kabeh kudu legawa lan nompo opo anane kondisi mantan pasien koyo sak durunge lara.

Bupati Ngancam , sopo wae sing ora nompo mantan penderita Covid bali nyang desane, bakal di sangsi berat sesuai hukum yang berlaku ana Indonesia , mesakne lara ora njaluk , ijik disangsi sosial , jare Bupati gregeten.

Gregetane Bupati pancen ana benere , sebab wis ora dadi rahasia umum , kabeh wong sing menderita Covid , opo neh nganti seda (mati) , sangsi sosial tonggo teparo termasuk wis  keterlaluan, seolah olah mayit koyo koyo ora ditompo donyo.

Bahkan jaman saiki , arep takziah wong sing seda ,  sekalipun ora kenek Covid 19 kabeh uwong  ijik minggrang minggring, pilih ora takziah.
Opo meneh Pihak Rumah Sakit sekalipun mayit ora kenek Covid , petugas pengantar jenazah nganggo klambi Covid,  sing modele  koyo astronot ,  iku kabeh ndadekne wong sing weruh glirah glirih, ora wani nampani jenazah saka ambulan.

Wektu iki memang kabeh perlu  prihatin , nyadong slamet karo sing gawe urip . Opo neh iki tahun anyar , Dongo bareng bareng Corona gek dicabut karo Gusti Allah, dene anane Corona merga dosane menungsa, muga muga ana ing tahun anyar kabeh pada introspeksi lan memperbaiki diri, ben Gusti Alah paring welas asih maneh (gustik)



 









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda