VAKSIN COVID TEKA, MASYARAKAT PERLU SOSIALISASI DISIK , OJO ASAL SUNTIK BEN ORA SALING CUCUH. - PACITANPOST

Minggu, 03 Januari 2021

VAKSIN COVID TEKA, MASYARAKAT PERLU SOSIALISASI DISIK , OJO ASAL SUNTIK BEN ORA SALING CUCUH.


Pacitan Ppos 03.01.021.
Rong Minggu kepungkur , Vaksin Covid 19 sing jarene  ampuh kanggo penangkal Corona  wis teka Indonesia.
Vaksin sing diproduksi Cinovac saka negara china iku jare Bambang (Bos Biofarma ) wis disertivikasi Halal saka BPOM lan MUI.

Minggu iki , Pemerintah Indonesia  nek ora enek alangan, bakal mendistribusikan Vaksin nyang Provinsi Provinsi sak Indonesia , mulai saka Jawa Barat.
Jawa Barat dadi Propinsi pertama entuk Vaksin merga Pososi Vaksin saiki lagi ditliti ning Bandung .

Sayang , pemberitaan kegagalan Vaksin sak durunge , sing diduga nyebabke pasien  mati , iki dino dadi ragu ragune warga masyarakat Pacitan.
Mulo saka iku, ben warga ngerti tenan bab babagan Vaksin, pemerintah diharap menehi sosialisasi disik sing tenan  menyang masyarakat , ben kabeh do mudeng.

Miturut tokoh masyarakat Pacitan H.Ashar Subandhy , sosialisasi Vaksin Corona kudu dilaksanakan secara transparan lan insten, masyarakat kudu diwenehi pemahaman sing tenan , sak ora orane  ben ojo wedi lan ragu , jare Ashar lewat telpon.

Sementara Bupati Pacitan Indartato, urung isa ngomong akeh , merga jatah Vaksin urung teko Pacitan , mangke nek pun dugi Pacitan , kulo segera koordinasi kalian Dinkes lan Rumah Sakit , niki nembe persiapan mawon, ungkap Bupati lewat telpon.

Bupati mung pesen , nek vaksin sing jarene ampuh kanggo nangkal Corona kingko teka, masyarakat ( khususe ) wong Pacitan  di harap ora perlu wedi, ora perlu ragu ragu lan ora perlu cemas.

Ananging jenenge wong wedi , ora maido lan ora iso dipeksa , sebab tingkat kekebalan tubuh siji lan sijine iku ora podo ., Yo mung dlalah , pas di jajal sepisanan Pasiene langsung mati , ananging matine wong Bule , jare dokter,  amarga penyakit liyan..(tim)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda