NGATI ATI SABEN DINA ENEK KEMATIAN MERGA CORONA..DINA IKI POSITIF TAMBAH 13. - PACITANPOST

Rabu, 03 Februari 2021

NGATI ATI SABEN DINA ENEK KEMATIAN MERGA CORONA..DINA IKI POSITIF TAMBAH 13.


Pacitan Ppos ,03.02.021.
Persasat saben dina, wong mati merga corona.
Nek wingi ana 3 sing mati , iki dina tambah  sing mati tambah 1 lan sing positif tambah 13.

Miturut jubir Satgas Covid Pacitan Rahmad Dwiyanto, jumlah sakmono iku sumebar ana kecamatan Pacitan 7, Arjosari 2, Tulakan.Ngadirojo,Pringkuku,punung masing masing 1.

Ananging jare Rahmad, sejene ana tambahan , uga ana sing waras sejumlah 20 uwong.
Jumlah sing dinyatakan waras iki dina wis pada entuk mulih nyang omahe dewe dewe, ananging kudu tetep ngati ati merga virus ijik mobal ning endi endi nggon.

Sementara iku , Bupati Pacitan pesen marang penggantine sebagai Bupati terpilih Indrata Nur Bayu Aji lan Gagarin Sumrambah,kudu kerja tanpa pamrih piye carane Corona gek ndang lungo saka Bumi Nusantara .

Perlu dimangerteni, Bupati Pacitan Indartato sekitar tanggal 20 Pebruari 2021 lengser keprabon, merga jabatane entek.
Indartato mimpin Pacitan , selama 10 tahun , gawa Pacitan ayem tentrem.( Tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda