MENINGGAL TAMBAH 1 TERPAPAR TAMBAH 40. - PACITANPOST

Selasa, 02 Februari 2021

MENINGGAL TAMBAH 1 TERPAPAR TAMBAH 40.

Pacitan,02.02.021.

Angel ...angel..angel..mrediksi corona minggat.
Wis setahun medun corona dadi momok masyarakat, saben dino enek  wae wong mati merga Corona.

Sak ora orane dino iki , ana Pacitan mati merga corona tambah 1 , sing positif tambah 40.
Jumlah sakmono iku sumebar ana kecamatan Pacitan 20, arjosari 6 , Pringkuku 4 , Donorojo 3.Sudimoro 2.Punung 1. Ngadirojo 1 ,Tulakan 1.
Terkait sing meninggal , media urung entuk data sing Valid identitas lan alamate.

Menurut jubir Satgas Covid 19 Pacitan Rahmad Dwiyanto , dina iki kajaba enek tambahan kasus uga enek peningkatan kesembuhan 43, saiki sing sehat wis entuk mulih kabeh.

Trend kasus mudun.
Sak ora orane limang dina iki, nurut data media ana penurunan kasus  setitik, terbukti tingkat penambahan kasus rada suda,  ora kaya seminggu kepungkur nganti atusan wong.


Bupati Pacitan Indartato, njaluk marang warga Pacitan tetep matuhi protokol kese hatan, ojo lirna merga trend penurunan kasus.
Tetep waspada nggih , mugi mugi gek ndang sirna pagebluk niki ,  jare bupati optomis.

Sementara , Ronny wahyono sebagai Ketua DPRD Pacitan  , ngajak masyarakat terus ndedongo , njaluk pitulungan karo sing gawe urip , Virus sing wis mateni wong akeh gek dicabut karo gusti Allah...( Tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda