SUASANA HENING LAN SENYAP MULAI KROSO NING PENDOPO AGUNG PACITAN - PACITANPOST

Rabu, 24 Maret 2021

SUASANA HENING LAN SENYAP MULAI KROSO NING PENDOPO AGUNG PACITAN

Pendopo Agung Pacitan kediaman Resmi Bupati Indartato sejak 2010-2021 (dok)

Pacitan Ppos, 24.03.021.
Jabatan Bupati Pacitan Indartato sekedap malih ( 4/4) sampun purna.
Pramilo meniko, niki dinten pendopo nembe sibuk mempersiapaken pindahipun bapak Indartato lan keluarga dateng dalem wisma Bangunsari.

Sedanten barang barang pribadi  dipun Pack dateng petugas Rumah  tangga , sak lajengipun dipun angkut dateng wisma pribadi Bupati wonten tlatah Bangunsari.
Informasi saking pihak Halking, Kamis ( 25/3) Bupati ugi keluarga sampun resmi pindah.

Sinaoso Jabatan Bupati Indartato nembe tanggal 4 April 2021 telasipun , ananging pertimbanganipun pak Indartato Pendopo kajenge dipun resik resik'i  rumiyin , sak derengipun dipun panggeni Bupati ingkang enggal ,inggih Puniko bpk Indrata Nur Bayu Aji.

Suasana sendu, mrinding lan haru saget dipun raosaken sedanten ingkang terlibat rutin wonten Halking Pendopo, utaminipun bagian Rumah Tangga Kabupaten,ingkang nglayani Bupati selami 10 tAhun.

Misranto selaku Kepala Bagian Umum Pemkab Pacitan , rumaos mbedegel atas pindahipun Bupati Indartato lan keluarga, maklum Misranto klebet Pejabat ingkang  celak sanget kalian Bupati Indartato lan keluarga mergi jabatanipun sebagai kepala Rumah Tangga Bupati.

Sanes Bagian rumah tangga kemawon ingkang rumaos  mbedegel , Aspri ,humas ugi staf sanesipun ugi ngraosaken hal ingkang sami .
Herman Kepala Humas Pemkab Pacitan, ingkang nglayani Bupati cukup dangu , namung saget dongak aken mugi mugi Pak In, bu Luky ugi putro wayah selalu dipun berkahi gusti Allah , lan saget ngabdi wonten ing sanes wekdal sak lajengipun..( gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda