GAGARIN MULAI DISETTING MLAYU BANTER......? - PACITANPOST

Rabu, 28 April 2021

GAGARIN MULAI DISETTING MLAYU BANTER......?

        Bupat Indrata.AHY.Wabub Gagarin

Pacitan Ppos.29.04.021.
Urung enek patang dina jabat Wakil Bubati  Pacitan, pemberitaan  aktivitas Gagarin wis pating jedul ana media.

Kosok baline,  Bupatine  Indrata Nur Bayu Aji ,  justru urung pati koar koar ning Media, mbuh merga angel dihubungi media ,  po wis malih  utowo  mungkin enek  sebab liyan.

Tapi sing ceta , Bupati lan Wabub  urung enek prestasine  apa apa , merga lagi kinyis kinyis bar dilantik , mungkin ( iso iso) malah  ijik kaget ngrasakne empuk'e kursi sing dilungguhi.

Mulo nek enek pemberitaan, Bupati / Wabub  playune wis kenceng , padahal pelantikan wae urung ana seminggu , perlu di petani enek apa ?.

Tapi kabeh kui maeng  memang hak , Hak Bupati / Wabub , hak media ,  sah sah wae, arep sedina ngomong ping seket yo ora popo , bebas mangga kersa. 

Cuma !  sing diwedeni  Masyarakat , Justru mesakne  Pejabate ,  isa  isa justru terjebak tendensi pemberitaane dewe  tanpa bukti lan kasunyatan .

Kaya sing diomongke Rudi Hartoyo, Pujo lan Hariawan ana Gedung Dewan wingi.
Bupati lan Wabub nek isa,  ojo kesusu susu disubyo subyo ning   media,  Bupati lan Wabub ben  pada  sinau disik , ben sempat mikir disik, ora sah kesusu.

Sebab dikawatirke , nek terlalu disubyo subyo  terus ! ,  justru Bupati lan  Wabub 
malah iso  terjebak eforia pemberitaan , lola lali ning budi  kerjone malah mlempem ora maksimal.

Padahal dina iki, Masyarakat Pacitan butuh kinerja Bupati sing mumpuni kanggo nangekne perekonomian masyarakat sing soyo suwe soyo abot.

Arep lebaran raiso nyandang , arep mangan ora enek sing dipangan , pingin waras ra iso tuku obat , isane mung nangis ndlolooo...( Gustik)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda