MBAH...MBAH ..! SOAL SEPELE WAE ..NGANTI MBOK REWANGI GANDUL ... - PACITANPOST

Minggu, 25 April 2021

MBAH...MBAH ..! SOAL SEPELE WAE ..NGANTI MBOK REWANGI GANDUL ...

Pacitan Ppos 25.04.021.
Ati nek wis judeg cen ora maido, mungkin nek wong sing tebel imane pikiran isih iso diunggah udukne, tapi nek wis judeg tenan setan pating njrabing, ngojok ngojok..i..perbuatan elek.

Koyo sing dilakoni mbak Jari rino maeng , mergo mung kesruh karo bojone, mbah jari pilih mati gandul.
Mbah jari gandul ono kandang wedus mburi omah .
Jasad mbah jari gandul ning blandar kandang wedus.

Tali bandat dientukne blandar kandang wedus, dientukke gulune mbah jari, loncat langsung tek sek..
JenaZah mbah jari ditemokne warga sekitar jam 7 esuk .

Miturut kabar manuk, mbah jari akhir akhir iki sering tukaran karo bojone, bahkan nate diusir saka omah menyang sing wedok, eh ngerti ngerti gandul , jare tukiran tonggone.

Korban ( warga dusun Mloko Desa Sedeng) pacitan iku mau langsung diotopsi , ora enek tanda tanda penganiayaan( gustik)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda