TENDER PROYEK SING MENAK NUNGGU BUPATI ANYAR....DILANTIK. - PACITANPOST

Jumat, 02 April 2021

TENDER PROYEK SING MENAK NUNGGU BUPATI ANYAR....DILANTIK.


Pacitan Ppos 02.04.021.
Ben ojo saling curiga, terkait tender Proyek,  luwih becik nunggu bupati anyar dilantik .
Pandangan iku ,disampaikan LSM Pemantau Lelang dan Pembangunan Pacitan (PL& P) Apin Ak.

Tujuane ,  Bupati anyar ben gamblang saka awal / sak ora orane , Bupati anyar iso menehi petunjuk , dadi mlakune pejabat lelang yo menak , pungkas Apin ning markas PL&P mentoro.

Pendapat PL&P uga diamini Lsm Bhineka Bangsa Pacitan Marzuki.
Ananging pemuda asal Ngawi iki menehi catetan ,  proses penundaan jadwal Tender ora ngganggu jadwal dimualaine Pengerjaan fisik lan ora nyalahi aturan saka duwur , ning nek ora pengaruh luwih becik ditunda , ben Bupati Lan wakile ngerti saka awal .

Sementara Bupati Pacitan Indartato ngomong , kabeh perencanaan Pembangunan Infrastruktur sing arep ditenderke  ,
wis sesuai undang undang lan peraturan sing enek, wis dikaji tim masing masing dinas , insa Allah aman 

Soal pengawasan , lha niku tugas pemerintah ingkang Enggal.
Bupati berharap , ora enek penundaan tender , ben kabeh ora molor saat pengerjaan, nek molor mesakne rakyat sing wis suwe ngenteni anane Program sing tertunda saat Pandemi , terang Bupati.

Turmudi sebagai  kepala LPSE nerangake, kabeh tahapan Lelang wis sesuai aturan sing berlaku saat iki, insya Allah kabeh wis siap , ananging sebagai bawahan , yen dikersakne kudu ditunda pihak LPSE  siap.

Turmudi nambahne , resiko ditunda pelaksanaan fisik ugo dadi molor , awale sasi  juni iso tanda tangan kontrak, nek ditunda isa  Isa juli /agustus lagi  tanda tangan kontrak...aku sih sebagai bawahan manut atasan , jare wong asli Arjosari iki.

Bupati anyar Indrata Nur Bayu Aji , arep dijaluki pendapat bab tebder proyek , nganti seprene urung isa dihubungi , hp ne di pateni.(gustik).




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda