ALHAMDULILLAH NGANTI SEPRENE ORA ENEK KLASTER LEBARAN. - PACITANPOST

Sabtu, 22 Mei 2021

ALHAMDULILLAH NGANTI SEPRENE ORA ENEK KLASTER LEBARAN.


Pacitan Ppos 22.05.021.
Alhamdulillah,opo sing dikawatirke berbagai pihak bakal muncul klaster lebaran ora terbukti.

Perkembangan virus corona ora enek lonjakan sing berarti , padahal , pemudik luar kota sing teka saka luar Pacitan termasuk lumayan akeh , masiho ora kaya lebaran sak durunge pagebluk.

Montor montor luar kota tetep pating sliwer ana dalan dalan gede Pacitan, super market lan  toserba uga jejel uwel  , wong badan / silaturahim tetep kaya biasane tetep regeng lan gayeng.

Ora anane klaster lebaran ana Pacitan , gawe seneng Bupati anyar Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  sing sempat kawatir,bakal ana klaster lebaran lan klaster shalat id.

Bupati  Indrara NBA.atas nama Pemkab Pacitan , anane mung matur nuwun karo masyarakat Pacitan, utamane para pemudik sing tetep disiplin jaga Prokes, alhamdulillah ora ana lonjakan Covid mas..jare Bupati via Telpon...( Tim)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda